Kisah Raden Walangsungsang

Pada artikel kali ini tosupedia akan menuliskan tentang cerita sejarah Raden Walangsungsang, namun ditulis dalam basa dermayu krama, sebagai wujud melestarikan budaya jawa, khususnya basa dermayu alus. Bahasa Jawa adalah bahasa dengan penutur terbanyak di Indonesia, bahasa ini digunakan oleh suku jawa yang wilayahnya meliputi Jawa Tengah, Yogyakarta dan Jawa Timur. Selain itu bahasa jawa juga digunakan oleh sebagian penduduk di wilayah pesisir Karawang, Subang, Cirebon, Indramayu dan Banten.
raden-walangsungsang
Ilustrasi: Raden Walangsungsang (Foto: historyofcirebon.id)

Kocapa eka hadi dasa purwa, eka maring sawiji hadi linuwih dasa sepuluh purwa kawitan, ingkang dados bubukaning cinarita yaniku teng Kerajaan Padjajaran wonten jumenenge ratu agung tanah Pasundan ingkang asmane Sri Sang Ratu Dewata Wisesa ingkang waktos bujangan namie Raden Pamana Rasa sesampune naik tahta dados nalendra Padjajaran kejuluk Prabu Siliwangi gadah istri 3,

1. Nyi Ratu Ambet Kasih

2. Nyi Ratu Aci Bedayawati

3. Nyi Ratu Subang Larang (Subang Kranjang)

Jumlah turunan Prabu Siliwangi saking 3 garwa mau 40, cerita puniki kula lampahaken ingkang putra sareng Nyi Ratu Subang Larang putrie Ki Jumajanjati raja cilik Singapura salore Cirebon nalika bengen masih kabanda sapon ning wilayah Padjajaran, sing seniki kesebut Desa Mertasinga lan Ki Jumajanjati disebut Syekh Bandar Muarajati. Pada saat Prabu Siliwangi dados nalendra Pajajaran nyulam masa keemasan atawa kejayaan, negarae subur makmur ayem tentrem rakyate subur kang tinandur ora kurang sandang pangan ukir pasir loh jinawi, ora nana bawahan kang ngina praja sedaya samia manut nunut tut wuri handayani maring kang dados raja.

Gancange wong kanda gelise wong cinarita Prabu Siliwangi ketemu kelawan Nyi Ratu Subang Larang teng pesantren kuro Pulo Bata Karawang, langsung den lamar kelawan setunggale sarat Prabu Siliwangi gelem manjing agama Islam lan nglakoni sifat takwa maring Allah kang maha kuasa, saking banget seneng lan demen Prabu Siliwangi maring Nyi Ratu Subang Larang akire jalukan mau den turuti lajeng den nikahaken teng gurune Nyi Ratu Subang Larang yaniku Syehk Hasanudin atawa Syekh Ngaro atawa syekh Kuro, aran kang telu mau sejati wong siji yaniku Syekh Pulo Bata. Lajeng tengriku Prabu Siliwangi anglakoni milakrama atawa rumahtangga kelawan Nyi Ratu Subang Larang kelawan nglakoni ajaran agama Islam lan diparingi keturunan 3 yaniku,

1. Raden Walangsungsang

2. Nyi Ratu Larasantang

3. Raden Kiansantang atawa raden Jaka Sengara

Dingin pinasti anyar kang pinanggi Nyi Ratu Subang Larang wangsul dateng arsane kang maha kuasa atanapi ninggal dunya, putra ingkang 3 mau den bakta wangsul teng kraton Padjajaran Prabu Siliwangi uga kepercayaane bebalik malih maring agama sing bengen agama Hindu agama kesanghyangan, Dewa Brahma, Whisnu, Syiwa.

Kocapa teng riku Raden Walangsungsang usiae ngumpak likuran taun, wonge alim bagus lenjang kuning turunan raja rembeseng madu titisan andarawari wijile sangatapa kadang dewa kanti sukma, scara silsilah turunan kaping 22 saking penengah Pandawa dipati Arjuna atawa turunan kaping 32 saking jeng nabi Muhammad SAW, Raden Walangsungsang bade sebah lan pamit jaluk restu saking rama Prabu Siliwangi, kranten wau dalu nyupena atawa ngimpi ketemu kelawan wong agung bagus rupa nyukani pitutur wejangan agama Islam, syareat kanjeng nabi Muhammad kang dadi utusane gusti Allah kang maha kuasa, teng riku Raden Walangsungsang rasa ketarik maring pitutur becik mau, lajeng due niat arep ngulati ning endi anane mahaguru kang bisa mulang syareat Islam sampe kewanti - wanti blenak mangan blenak nginum uga blenak turu kenang mikiri ngendi anane mahaguru kang bisa ngajarna syareat Islam, mirengna tujuan ingkang putra Prabu Siliwangi ora setuju yen Raden Walangsungsang bade pailaran mahaguru ajaran Islam, Raden Walangsungsang tetep kudu nganut aliran agama Hindu apamaning dadi putra mahkota Padjajaran sing bakal dadi pewaris atawa penerus go calon ganti raja Padjajaran, najan ditahan Raden Walangsungsang tekade bulat pendiriane ora goyah arep gulati mahaguru ajaran Islam ora kepencut kelawan tahta kerajaan, maksane Raden Walangsungsang pengen gulati mahaguru ajaran Islam gawe klalen munjuk napsue ingkang rama Prabu Siliwangi, Raden Walangsungsang akire den usir saking kraton Padjajaran.

Raden Walangsungsang metu saking kraton Padjajaran ngetan parane nuruti tindakeng suku kedepeng netra, manjing metu alas bus tegal bus luwung jurang jero den tenjogi gunung duwur den tanjaki, ora mangan ora nginung ora turu den niati, lungane Raden Walangsungsang medal saking kraton Padjajaran gawe sedih ingkang dadi adi Nyi Ratu Larasantang, tetangisan awan lan bengi kelangan kelingan ingkang raka sampe tumekang kelempon turu, sejeronengturu Nyi Ratu Larasantang ngimpi ketemu kelawan satria bagus rupane aroma wangi ambune nyukani pituduh ajaran agama Islam syareat jeng nabi Muhammad serta ngongkon ngulati guru ajaran agama Islam, satria mau besuk bakal dadi jodohe bakal dadi guru lakie lan bakal due keturunan anak lanang kang punjul ning apapak lan bakal dadi ratu ning tanah jawa, supena mau jelas paribawane sesampune ngelilir tangi lan mikiri impen mau uga inget maring ingkang kakang metu saking kraton Padjajaran bade pailaran mahaguru ajaran agama Islam sami sareng impene, lajeng teng riku due niat bade ngilari ingkang raka lan ngilari mahaguru ajaran Islam akire Nyi Ratu Larasantang tengah wengi minggat saking kraton Padjajaran kranten ijin ga percuma bli bakal den restuni maring ingkang rama. minggate Nyi Ratu Larasantang gawe geger ander kraton Padjajaran, Pati Argatala lan Adipati Siput anggoleti Nyi Ratu Larasantang kelawan Raden Walangsungsang sampe windu takeran taun ora ketemu lan ora wani balik meng kraton Padjajaran lamon ora bisa gawa balik Nyi Ratu Larasantang kelawan Raden Walangsungsang bakal oli bendu saking Pabu Siliwangi.

Kocapa Raden Walangsungsang kang siweg nglampai tapa lan tapakur ning seandape gunung Maraapi wilayah Ciamis siweg aneda anedu maring gusti kang maha kuasa jaluk pituduh ning pundi anane mahaguru kang saged nyukani ajaran Islam, dina tumekang wulan, taun ginanti windu kocapa wonten dugine sanghyang Danuwarsih Raden Walangsungsang bedar tapa lan tapakure lajeng dibakta dateng panggonane sanghyang Danuwarsih ingkang gadai putri senunggal ingkang namie Nyi Endangayu atawa Nyi Endanggeulis, sesampune Raden Walangsungsang den hormati kelawan toya bramasta lan ketunggalane sekul semenanjung maring Nyi Endangayu, kesawang maring sanghyang Danuwarsih wong loro pada senenge, lajeng den nikahna.

Gentos kang winilus lumakune Nyi Ratu Larasantang kang lagi blangsak separan paran ngulon parane, manjing metu ngalas, nanjak gunung temurun jurang bus tegal bus luwung nuruti tindake suku kedepe netra sampe tekang gunung Tangkuban Perahu wis krasa pegel sikile pada abuh, nangis sampe lulur suku wis bli bisa mlaku ora daya upaya karo sesambat ingkang raka Raden Walangsungsang ning endi anane, kocapa wonten sedugine wanoja tua kang asma Nyi Ageng Endangsukati, senajan sipat wadon anging punjul ing apapak lan sakti mandraguna, rasa melas bli tega nyawang Nyi Ratu Larasantang kang siweg tetangisan siweg ngilari ingkang raka Raden Walangsungsang lan mahaguru ajaran Islam, Nyi Ageng Endangsukati lajeng masrahna rasukane kang aran klambi Si Dewamulya kasiate yen kanggo mlaku paribawane enteng kaya mlakue angina, ora panas kenang geni lan ora teles kenang banyu, sesampune klambi jimat den pasrahna ning Nyi Ratu Larasantang uga ngupai petunjuk yen pengen ketemu karo ingkang raka Raden Walangsungsang ngetan parane ulatana gunung Liwung ana pandita kang aran Kiajar Sakti, lajeng Nyi Ageng Endangsukati ilang sepenjagongan teras Nyi Ratu Larasantang lumaku nuju arah ngetan lir kadia kilat durmojog tanpa larapan kaya pucuk den tlorongaken dugi ten adepane pandita Kiajar Sakti teng gunung Liwung kelawan sembah sujud maring pandita kelawan tetangisan, Kiajar Sakti wong kang awas lan waspada peningale weruh ning niat lan tujuane menusa ning ala lan becike, Nyi Ratu Larasantang lajeng den sukani wejangan lan pitunjuk yen ingkang raka Raden Walangsungsang seiki wis due keluarga lan manggon ning seandape gunung maraapi uga nyukani asma yaiku Dewi Ratna Eling, sesampune disukani petunjuk Nyi Ratu Larasantang atawa Dewi Ratna Eling langsung pamit bade nemoni ingkang raka Raden Walangsungsang ning seandape gunung maraapi, sekedap netra kenang kasiate klambi Si Dewamulya Nyi Ratu Larasantang pun dugi teng gunung maraapi.

Nyi Ratu Larasantang ningali ingkang raka Raden Walangsungsang kang siweg tapakur teng ajengane sanghyang Danuwarsih langsung den tubruk den rangkul klawan tetangisan, dudu tangise wong sedih anging tangis bahagia bisa ketemu karo kadang tua lawas jamane sampe beblangsakan, kaget sepandurat sanghyang Danuwarsih lan ingkang garwa Nyi Endanggeulis ana wong wadon ayu ing rupa ora weruh sing lor apa sing kidul tekane ketemu nangis nubruk Raden Walangsungsang sapa wong wadon iku sejatine, rasa cemburu Nyi Endanggeulis maring Nyi Ratu Larasantang disangka garwa atawa gendake Raden Walangsungsang, sesampure bedar yen Nyi Ratu Larasantang iku ingkang adi lan tujuan gulati Raden Walangsungsang sejati sami pengen ngilari mahaguru kang ngajaraken syareat islam, lajeng sedantene samia bunga merwatasuta lan bade sesarengan sabdaguru. Sederenge pamit bade ngilari mahaguru, Raden Walangsungsang den pasrahi Aliali Ampal sejati temurun saking Adipati Suryalaga kang kasiate bisa go nerawang bumi lan langit lapis 7 seisine lan uga bisa muat laut lan gunung lan go rerawat liyan - liyane, terus den wulang aji kekebalan, aji pengasian, aji pengabaran, aji keslametan lajeng sedanten kon gulati sanghyang Nango ning gunung Ciangkup, lajeng sedanten pamit maring sanghyang Danuwarsih, Nyi Ratu Larasantang lan Nyi Endanggeulis den lebetna sjerone Aliali Ampal nuju teng gunung Ciangkup.

Kocapa teng pucuke gunung Ciangkup linggihe sanghyang Nango, pandita kang awas ing peningal weruh sejerone winara bakal due tamu dudu wong samanea trah galuh turaunan raja Padjajaran Prabu Siliwangi yen besuk bakal dadi tuntunane ning kebecikan ning dunya lan akherat, boten dangu dugine Raden Walangsungsang langsung sembah sungkem ning arsane sanghyang Nango kelawan ambedar tujuane dugi teng sepucuke gunung Ciangkup yaniku goleti mahaguru kang ngajaraken agama Islam, nanging sanghyang Nango durung sumerep, apamaning weruh krungu ga nembe yen ana agama islam, tapi sanghyang Nango ngupai petunjuk yen selingkaban maning Raden Walangsungsang bakal ketemu kelawan mahaguru kang ngajaraken Islam, teng riku sanghyang Nango cuma bisa ngajaraken Aji Kadewaan kasiate bisa ngilang, kekebalan lan kekuatan uga dipasrahi Golok Cabang minangka golok pusaka saking leluhur mung cuma ana siji setanah jawa lan dudu sembarang golok bisa ngomong kaya menusa, bisa mabur, bisa metu geni lan bisa ngudag musuh yen ketiban Golok Cabang pasti ancur lebur gunung ambrug laut asat jarengbasa, sesampune den sukani SIH saking sanghyang Nango, Raden Walangsungsang kengken nemoni sanghyang Naga teng puncake gunung Kumbang menawa olih pitutur tentang ajaran Islam, lajeng sesampune disukani petunjuk Raden Walangsungsang pamit saking arsane sanghyang Nango kebat cukat lampahe nuju teng puncake gunung Kumbang.

Cekap sementen lampahan Raden Walangsungsang kirang langkunge nyuwun agung pangapunten atas segala kekurangane.

- Mas Tosu -
tosupediacom

tosupedia.com Merupakan media informasi online yang memuat berita meliputi informasi sosial budaya, kesenian daerah, wisata lokal, kuliner serta info menarik lainnya.

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Recent in tosupedia

Satu hal lagi! Kami sekarang ada di Saluran WhatsApp! Ikuti kami di sana agar Anda tidak ketinggalan update apa pun dari tosupediacom - Media Inspirasi Terkini. ‎Untuk mengikuti saluran tosupedia di WhatsApp, klik di sini untuk bergabung sekarang!