Kisah Pangeran Jalaksana

Pada artikel kali ini tosupedia akan menuliskan tentang cerita Pangeran Jalaksana, namun ditulis dalam basa dermayu krama, sebagai wujud melestarikan budaya jawa, khususnya basa dermayu halus. Bahasa Jawa adalah bahasa dengan penutur terbanyak di Indonesia, bahasa ini digunakan oleh suku jawa yang wilayahnya meliputi Jawa Tengah, Yogyakarta dan Jawa Timur. Selain itu bahasa jawa juga digunakan oleh sebagian penduduk di wilayah pesisir Karawang, Subang, Cirebon, Indramayu dan Banten.
kisah-pangeran-jalaksana
Gambar ilustrasi: Pangeran Jalaksana

Berikut ini adalah cerita “Pangeran Jalaksana” selamat membaca!

Kocapa eka hadi dasa purwa, eka maring sawiji hadi linuwih dasa sepuluh purwa kawitan, ingkang dados bubukaning cinarita, inggih tan sanes teng daerah solotigo jawa tengah monten natapraja ingkang jumenenge Pangeran Sloto lan ingkang rayi Dewi Kemis uga adi ingkang bungsu yaniku Pangeran Jalaksana, sedanten putra putri nipun Pangeran Agung ingkang sampun almarhum. Tengriku Pangeran Sloto mrentah maring kang dadi adi Pangeran Jalaksan kongkon nimba ilmu agama sabda guru mesantren maring Sultan Saefudin Matangaji kang ana ning Cirebon, lan bloli balik yen durung sempurna nimba ilmu agamane. Pangeran Jalaksana boten ngrasa keberatan jalani amanat saking kang dadi kakang Pangeran Sloto karna sipate dadi kewajiban kabeh umat manusa blajar ilmu, kelawan dipai segala wejangan ingkang becik sopan santun sembah sujud maring kang dadi guru andap asor atine supaya dadi wong kang luhu budine karna wong bener mangsa salaha wong salah mangsa benera, sesampune segala wejangan dipun trima maring ingkang adi Pangeran Jalaksana amit kondur permisi karo ingkang dadi raka lan arep nyumpingaken segala amanat kecangcang maring sepucukeng rema.

Mangkate Pangeran jalaksana arep sabda guru nimba ilmu agama nuju maring cirebon ora den sangoni apa - apa kejaba setunggale bedama kagungan Pangeran Sloto warisan saking leluhur Solotigo yaniku pusaka Duhung Silemped, lan mangkat nuju ing cirebon bloli mamba dalan kota dikongkon mamba dalan alas sembari bisa nglakoni cukup sejoroning kurang blajar sabar tumarima. Pangeran Jalaksana sejatine durung weruh tanah cirebon cuma dipai weruh ngulon parane, bus tegal bus luwung manjing metu alas nanjak gunung temurun jurang nuruti tindake suku kedepe netra manut maring lungane srengenge kang dadi pandome nuju tanah grage Cirebon. Pangeran Jalaksana putrane Pangeran Agung rembeseng madu wijile sangatapa wong ora tedas braja, senajan Pangeran Jalaksana ibarat manuk nembe metu sing kurungane ora weruh lor kidul wetan uga kulon apamaning tanah grage Cirebon arane bae nembe krungu rasa keder ngulati dalan, najan akeh sato kewan sing galak sedaya samia tutut laka kang nyatroni ora nana kang jantra, sedaya samia nyawang lungane Pangeran Jalaksana kaya pada rasa bela sungkawa, sependurat kaget sigeg langkae Pangeran Jalaksana kang lagi enak tungkul lumaku kelawan sedugine rota denawa kang gede drumogjog maring adepan Pangeran Jalaksana maksude arep nyegat nyegah tujuane Pangeran Jalaksana kanga arep sabda guru maring Sultan Saefudin Matangaji kang ana ning Cirebon, karna tekad kang wis bulat membaja ning ati Pangeran Jalaksana ora kena den cegah maksae rota denawa nyegah nimbulaken peperangan, rota denawa keplayu ilang sepenjagongan sesampune Pangeran Jalaksana wedalaken bedama pusaka Duhung Silemped karna sejatine kang dadi rota denawa mau inggih tan sanes ingkang raka Pangeran Sloto kang tujuane nguji nyoba tekad niat kang dadi adi karo ngawasi sing kadoan karna rasa ora tega sekloyonge ninggalaken solotigo maklum ibarat manuk nembe metu sing sangkare durung weru pengalamane, nyawang lan nyakseni tekad bulat kang dadi adi Pangeran Sloto rasa puas rasa seneng langsung mulih maring Solotigo.

Amblas lampahe Pangeran Jalaksana tumeka maring tapal bates tanah Cirebon kelawan anggawa gembolan pesalin ketemu kelawan petugas ronda kang lagi jaga malem lan dibakta maring kraton Cirebon karna den curigai bokat ganggu keamanan diadepaken maring arsane Sultan Saefudin Matangaji, ning ati Pangeran Jalaksana tenang bli keder bli wedi karan inget ning wejangane ingkang raka Pangeran Sloto, yen wong bener masa salaha, sesampune kepanggi sareng Sultan Saefudin Matangaji lan bedaraken niat tujuane ngulati tanah Cirebon deweke bade nuntut ilmu sabda guru lantas katerima dadi murid apamaning masih ana sipat kawula pamili Cirebon.

Gelise wong kanda gancange wong dongeng, dina ganti minggu, wulan ganti taun, Pangeran Jalaksana tambah dina tambah ganteng ganti taun tambah kasep, wonge bagus lenjang kuning alim tutur basae sopan tingkah lakue andap asor maring sedantene lir kaya satria panengah pandawa Adipati Arjuna, gawe mikat tresna ingkang garwa anom atanapi selir Sultan Saefudin Matangaji Nyi Dewi Cakrawati, saking banget seneng banget demene maring Pangeran Jalaksana timbul pikir pengen gawe reka pandaya, Pangeran Jalaksana dikongkon nyiram kembang ing taman keputren, arane wong dadi kawula tanpa curiga Pangeran Jalaksana nuruti apamaning kang mrintah garwa anem kang dadi guru wis tentu kelawan sukarela, Nyi Dewi Cakrawati nyawang Pangeran Jalaksana kang lagi nyiram kembang ning taman keputren atine banget bli kuat lir ibarat mangan pala cute kumecer paribawane, priben carane supaya bisa kelakon karo Pangeran Jalaksana kaya wis entok cara alus rayuane, akire Nyi Dewi Cakrawati mareki Pangeran Jalaksana kelawan godong pace blak - blakan yen deweke pengen kelakon pengen secombana sampe jragal - jragal dewek karna Pangeran Jalaksana nolak apa kang dadi karepe Nyi Dewi Cakrawati. 

Pangeran Jalaksana mlajeng ninggalaken taman kaputren Nyi Dewi Cakrawati rasa kewirangan tujuane bli laksana isin rasa ditolak mentah - mentah timbul rasa dendam ning atine karna kartune wis keweruan, ning kono Nyi Dewi Cakrawati duwe reka niat nyirnakaken Pangeran Jalaksana aja sampe katon ning mata bae, karna percuma katon ga mung gawe lara ati demen bli kelakon sampe ditolak menteh - menteh, bagen sora kon mati supaya kartue aja ana kang weruh. Ketemu ning akal timbul niat blesak arep mitnah Pangeran Jalaksana, ning kono Nyi Dewi Cakrawati busanae disoweki dewek tapie disoweki rambute diacak - acak terus ngadep maring ingkang dadi guru laki wadul karo nangis yen deweke tas diperkosa dijak cecomba kelawan paksa maring Pangeran Jalaksana, sesambat jaluk dipateni ditigas janggane wong kang wis berbuat kurang ajar maring garwa pimpinan sekaligus garwa guru kiambek. Laporane Nyi Dewi Cakrawati gawe merakbak roman wajae Sultan Saefudin Matangaji urate ngaduada untune anggeret waja, rasa getun lan keduhung due murid kang kurang jar sipate dieman - eman laka trimae dipai ati rogo ampela, Nyi Dewi Cakrawati ngasa puas bisa ngasut atie Sultan Saefudin Matangaji.

Pangeran Jalaksana sesampune wangsul saking taman kaputren tas nyirami kembang rasane banget gemeter rasa lemes lesu awake, arep ana kedadian apa pikire ora ngrasa salah ora kudu - kudu wedi wong bener pasti ketenger wong salah pasti seleh, rada tenang pikire Pangeran Jalaksana ora suwe dugi mban dalem kraton nyampeaken titah yen Pangeran Jalaksana dikon sebah maring arsane Sultan Saefudin Matangaji, kebat cukat Pangeran Jalaksana ngadep maring arsane ingkang dados guru, sesampune ditakoni diperiksa weruh apa beli ana kejadian ing taman kaputren durung suwe mau jawab Pangeran Jalaksana ning taman kaputren laka kejadian aman - aman mawon, rasa keder pikire ning ati Sultan Saefudin Matangaji ora ngaku apa ora ngrasa tas berbuat serong karo garwane, karna wis kehasut maring Nyi Dewi Cakrawati akire Sultan Saefudin Matangaji pikire wis bli bisa den robah najan masih tanda tanya endi kang bener endi kang salah, nanging deweke banget demen masih sayang maring garwa selir Nyi Dewi Cakrawati najan tas diperkosa karna bli kuat kenang gontang warisan saking eyange Sanghyang Bermana Langkung saking Ujung berung laut kidul Wilayah Pelabuhan Ratu Banten Selatan, Nyi Dewi Cakrawati dewek asale sing tanah pasundan Garut, tentu sepenjaluke den turuti kudu gelem nigas janggane Pangeran Jalaksana, Sultan Saefudin Matangaji damel surat kepatian nggo Pangeran Jalaksana, surat mau kon disampekna ning Kiageng Sleman nanging aja kumawani kumalancang maca isie surat lan gagea mangkat karna surat iki wis lagi ditunggu, lajeng Pangeran Jalaksana pamit karo bakta surat kepatian nuju maring panggonane Kiageng Sleman.

Amblas lampahe Pangeran Jalaksana bus tegal bus liwung nanjak gunung temurun jurang rasa pegel ora den rasa ngemban tugas gawa nawala akire nyampe teng panggonane Kiageng Sleman, sesampune dihormati kelawan toya sesirepeng bramasta lan katunggalane sekul semenanjung uga pitakon teja sulaksana, yen teja arane anyar pinanggi sulaksana nembe ketemu, sesampune kewedar maksud lan tujuane kedugiane, surat kepatian mau den pasrahna maring Kiageng Sleman, terus surat mau den maca, kaget sepandurat ning atie Kiageng Sleman surat iki apa bli salah isie kon mateni wong kang gawa surate supaya ditigas janggane, Kiageng Sleman rasa aneh apa salah lan dosane Pangeran Jalaksana sampe kon dipateni ditigas janggane, prasaan Kiageng Sleman bli yakin karna nyawang tingkah laku Pangeran Jalaksana kesopanan den anggo, tutur lembut bahasae sopan santun laku lampae, lajeng teng riku najan arep dipai hadiyah duit sepeti asal bisa nigas janggane Pangeran Jalaksana uga laka tuntutan sepengarepe Kiageng Sleman ora ketarik ora gimir watir bokat tiba maring wong bener dosane ora bisa diampura, karna Kiageng Sleman dudu wong samanea awas peningale, dipandeng kelawan mata batin Pangeran Jalaksana ambyor cahyane, rupane bli katon kenang sinare keris pusaka Duhung Silemped, terus ambune aroma wangi, wis pasti dudu wong salah watir bokat hukum karma najan bli tuniba maring awake Kiageng Sleman wedi bokat tuniba ning anak putune besuk uga bli kuat nandingi kesaktian Duhung Silemped karna sing digawe aci wisane ula lempe, lajeng Kiageng Sleman ngandika maring Pangeran Jalaksana bahwa surat punika dudu kanggo deweke bae nanging kon diateraken maning ning Kiageng Pekandangan, Kiandang Garu atawa Kijebug Angrum terus surat mau ketrima malih dateng Pangeran Jalaksana langsung pamit anuju maring panggonane Kiageng Pekandangan.

Kebat cukat lampahe Pangeran Jalaksana ngemban tugas duta werana saking kang dadi mahaguru Sultan Saefudin Matangaji ngulon parane, saban wong liwat ditakoni panggonane Kiageng Pekandangan, karna dudu wong sembarangan kang den gulati, wis terkenal tentu bli angel wis keceluk muluk arane, Kiageng Pekandangan ning kono lagi enak makani kang dadi ingon - ingone, kaya dene manuk, ayam, entog, ninggali wonten tekane Pangeran Jalaksana langsung dihormati kelawan toya sesirepeng bramasta lan katunggalane sekul semenanjung uga pitakon teja sulaksana, yen teja arane anyar pinanggi sulaksana nembe ketemu, sesampune kewedar maksud lan tujuane kedugiane, surat mau den pasrahna maring Kiageng Pekandangan, sesampune surat den buka lan den waca kaget sepandurat Kiageng Pekandangan karo andudut ambekan iki surat apa - apaan isi kon mateni nigas janggane wong kang gawa surate, karma dipandeng kelawan mata batine Pangeran Jalaksana ora duwe salah cuma korban pitnah rekayasa kena tipu daya bae emong belok kedinginan, Kiageng Pekandangan luwih waspada peningale najan keceluk muluk duwe pusaka sakti keris Setan Kober ya bli bakal kuat nandingi pusaka Duhung Silemped, apamaning ning benere ning salae ya dudu tandingane, lajeng Kiageng Pekandangan ngandika maring Pangeran Jalaksana bahwa surat punika kudu den ateraken maning maring Kiageng Gabus Johar, sesampune angsal keterangan saking Kiageng Pekandangan, Pangeran Jalaksana langsung pamit ninggalaken wilayah Pekandangan kelawan gawa surat kepatian nuju maring wilayah Gabus Johar.

Kebat lampahe Pangeran Jalaksana ngemban tugas duta werana saking kang dadi mahaguru Sultan Saefudin Matangaji ngulon ngidul parane, saban wong liwat ditakoni panggonane Kiageng Gabus Johar, manjing alas metu alas, memangan apa nemue, liren ning sor jambu ya mangan jambu, liren ning sor gedang ya mangan gedang kelawan ati iklas tumarima kudu sembah bakti nurut maring printahe kang dadi guru lan amanat saking kadang kang tua kudu sabar lan bakti ning maha guru, najan nanjak gunung temurun juran dilakoni akire nyampe teng panggonane Kiageng Gabus Johar. Pangeran Jalaksana langsung dihormati kelawan toya sesirepeng bramasta lan katunggalane sekul semenanjung uga pitakon teja sulaksana, yen teja arane anyar pinanggi sulaksana nembe ketemu, sesampune kewedar maksud lan tujuane kedugiane, surat mau den pasrahna maring Kiageng Gabus Johar, sesampune surat den buka lan den waca berag bunga atine Kiageng Gabus Johar, karna lamon bisa mateni kelawan nigas janggane wong sing gawa surat kepatian arep olih hadiyah duwit sepeti, sesampuni surat diwaca Pangeran Jalaksana dikongkon balik meng Cirebon kon warakna ning Sultan Saefudin Matangaji bahwa surat wis den trima terus jawabe kon nunggu hasile bae, lajeng Pangeran Jalaksana langsung pamit kondur bade wangsul teng cirebon pengen laporan dateng ingakan guru Sultan Saefudin Matangaji, bahwa tugas sing den emban sampun rampung nyampe alamat ingkang den tuju lan ketrima maring kang den tuju.

Dereng tebih lumakue Pangeran Jalaksana masih sejerone wilayah Gabus Johar kesawang gemroyoke wong se Gabus Johar ora kari kelawan senjata golok, pedang, kayu pikulan tugelan bata, secandak secekele geger ana maling kebo lan luwih kaget wong mau kabeh pada gebugi maring awake pada ngroyok Pangeran Jalaksana dituduh maling kebo, najan Pangeran Jalaksana takon salah lan dosa laka ampun karna kang keilangan kebo minangka sesepuh dalem Gabus Johar dadi bli mungkin bohong, sekloyonge Pangeran Jalaksana rupane Kiageng Gabus Johar gawe reka pendaya ngumpulna wong sedesa kongkon nyandak maling deweke tas keilangan keboe kelawan ditodokna sapa kang nyolonge. Najan dikeroyok wong sedesa sing dadi aneh gawe tepak dada goyang kepala gadag gedeg endase Kiageng Gabus Johar najan di gebugi wong sedesa kelawan apa cekele ananging badane Pangeran Jalaksana bli tedas boro maning metu getih lecet bae ya ora, karna wong bener tentu dilindungi ning gusti kang kuasa lewat karomate pusaka Duhung Silemped. Jareng basa wong sedesa wis rasa pegel dewek gebugi Pangeran Jalaksana uga watir bales gebug arep dadi apa pada bubar teka siji wong kang gebugi mau, ning riku ketingal wontene Kiageng Gabus Johar lajeng Pangeran Jalaksana takon salah lan dosa, seujare Kiageng Gabus Johar hal iki laka sing salah deweke cuma jalanaken perintah lewat surat sing di gawa maring Pangeran Jalaksana, surat mau dinekna lan diwaca maring Pangeran Jalaksana, kelawan isie surat :

Sapa bae wonge kang bisa mateni uga nigas janggane wong sing gawa surat iki bakal den hadiyahi duwit sepeti, kelawan laka tuntunan sing pihak keluarga.

Ttd. Sultan Saefudin Matangaji

Sesampune surat saking Sultan Saefudin Matangaji den waca maring Pangeran Jalaksana, langsung lemes ngelumpruk kaya kandek kang den lolos isie, bayumatane rembisakan netes maring siti buntala, sesambate kaya grantang salah apa lan dosa apa ora ngrasa gawe salah dipiara pati, tapi bokat wis tulis waris bagja diri nasibe kudu mati minangka kang den karepi karo kang dadi maha guru. Pangeran Jalaksana inget ning pesene kang dadi raka enggih Pangeran Sloto aja pernah mlanggar titah kang dadi guru karna wong bener ketenger wong salah pasti seleh, lajeng teng riku kelawan ati iklas rela kelawan rido awake dipasrahna maring Kiageng Gabus Johar demi ngebakti maring kang dadi guru najan jiwa raga kanggo pengurupe. 

Kiageng Gabus Johar rasa seneng ing panggalih karna bakal olih hadiyah duit sepeti seuwise nigas janggane Pangeran Jalaksana, langsung ceg cinandak endase, gulue didengakna ditigas karo gamane Kiageng Gabus Johar, nanging boro maning tedas lecet bae yabeli sampe ganti gaman pirang - pirang gaman nanging laka sing mempan, lajeng teng riku Kiageng Gabus Johar rasa keder iwed ing panggalih gegaman wis metu kabeh laka sing tedas, uning yen gamane Kiageng Gabus Johar laka kang mempan anggone nigas janggane, lajeng Pangeran Jalaksana masrahna gamane dewek yaniku pusaka Duhung Silemped kang bisa nigas janggane, Kiageng Gabus Johar langsung cinandak pusaka mau langsung den tigasna maring janggane Pangeran Jalaksana, pisah badane Pangeran Jalaksana potel mestakane mlesat ngalor parane tiba nepluke seduwure anjang - anjang waluh sebelah kulone kali Cimanuk, pusaka Duhung Silemped ilang tanpa krana saking genggeman tangane Kiageng Gabus Johar wangsul teng Solotigo gawa getih kanggo saksi laporan maring kang dadi pegusten Pangeran Sloto, sesampune petal den tigas janggane pisah badan kelawan mestaka kang bli den werui mlesate mendi, badane Pangeran Jalaksana dikubur kaya ngubur sato kewan den tutupi klaras gedang tanpa tenger endase diganti kelawan kelapa. Kiageng Gabus Johar kaulan sedekah liwet karna bakal olio hadiyah duwit sepeti.

Gentos winulus kocapa ingkang wonten teng Solotigo wontene Pangeran Sloto ingkang lawas ketinggal maring kang dadi adi sing lagi nimba ilmu ana ning Cirebon, sedina loro iki lagi rasa kangen maring kang dadi sedulur, ana rasa deg - deg pyar rasa lemes lesu terus kucing Candramawa ora sabran ora sabren nyrimped bae ora adoh sing sikil ngalor melu ngalor, ndodok ya melu dodok ora gelem ginggang secengkal karo kang dadi majikan. Antarane wong nginang durung abang wong iduh durung tuniba, rasa kaget Pangeran Sloto dugine pusaka kagungan Solotigo pusaka Duhung Silemped kelawan anggawa tanda getih, keris mau dimet diambung getie aroma wangi ambune, seujare Pangeran Sloto ning ati berarti adine ingsun ora salah, Pangeran Sloto netesna toya larangan awake lemes laka tenagae, kelawan mikir apa kang dadi marga lan lantaran sampe bisa kedadian kang kayakonon. 

Pangeran Sloto ceg cinandak kumambrat yamaduga lara, roman wajae merkabak abang, urate angaduada, untune anggeget waja matae plarak plorok napsu kegila - gila karna weruh wong bener digawe ala, teng riku Pangeran Sloto ngatur kucing Candramawa kongkon luruh berita dadi telik sandi glati sumber perkara sapa sing bener lan sing salah, kon melu bela sungkawa maring majikane, senajan kucing dudu sembarang kucing bisa ngomong kaya dene manusa, kucing mau turun temurun sing awit eyange Pangeran Sloto lan umure ora den weruhi, kucing Candramawa termasuk kucing sakti bebaturan ya karo kucing sakti maning kayadene kucing Wisnu Tapa, kucing Wulan Tumanggul lan kucing Wulu Kecubung Wulung, sedaya samia sakti lan boten saged ketingal mata atawa jarang ketingal karna kucing sakti pada karo jimat atanapi keris pusaka. Sesampune keprintah maring kang dadi majikan kucing Candramawa mau langsung mlajeng kadiya kilat ilang sepenjagongan golati sumber perkara nuju maring Cirebon tempat Pangeran Jalaksana nuntut ilmu agama mesantren.

Kocapa gentos ingkang winulus teng kraton Cirebon Sultan Saefudin Matangaji siweg kumpul sekeluarga kelawan nikmati seanane panganan kang den sediakna maring para dayang, uga kucing Candramawa pun wonten teng kolong meja glati informasi mirengaken kandaane Sultan Saefudin Matangaji sekeluarga, teng riku arane wong kanda Nyi Dewi Cakrawati garwa selire Sultan Saefudin Matangaji takon karna wis lawas jamane laka kabar bejane Pangeran Jalaksana wis mati apa durung kayane durung sampurna urip yen masih ana tapak wewayangane Pangeran Jalaksana saking sengite wong demen ora kelakon, seujare Sultan Saefudin Matangaji masalah kuen wis dipasrahna maring Kiageng Sleman sing bakal mberesi lan pasti Kiageng Sleman bisa mutes janggane Pangeran Jalaksana, seujare kucing Candramawa kang ana ning kolonge meja berarti sumber perkara asale sing kraton cirebon lan Kiageng Sleman melu terlibat sebagai pembunuh bayaran, sesampune angsal informasi sing ditugasi kon mateni Pangeran Jalaksana yaniku Kiageng Sleman, kebat cukat kucing Candramawa medal saking dalem kraton Cirebon nuju maring panggonane Kiageng Sleman.

Dasar kucing dudu sembarang kucing playue kaya kilat langsung dugi teng panggonane Kiageng Sleman, pura - pura andon turu ning sor amben pemidangan, seujare kiageng Sleman ora ilak ora ilok ora sobran ora sabren ana kucing bagus belang telone andon turu ning sor amben pemidangane, teng riku Kiageng Sleman karo keluargane siweg midangan karo kandaan perihal kedugian semah Pangeran Jalaksana kang salah sampekna surat kepatian, lan ngrasa ora kuat nandingi kesaktian Pangeran Jalaksana senajan imbalane duit sepeti, karna dudu wong sembarangan titisane wong sakti mandraguna rembeseng madu wijile sangatapa, surat mau kon disampekna ning Kiageng Pekandangan sing kon ngurus, kepireng kandaane Kiageng Sleman karo keluargane seujare kucing candramawa kang lagi glati informasi berarti Kiageng Sleman bli melu terlibat laka masalah, luwih bagus marek nuju maring panggonane Kiageng Pekandangan glati sumber rusia, kucing Candramawa kang pura - pura turu terus tangi langsung lunga nuju teng Pekandangan.

Amblas mlajenge kucing Candramawa nuju maring tempat panggonane Kiageng Pekandangan kang lagi ngempani ingon - ingone kayadene manuk, entog lan ayam, sesampune rampung tugas ngempani ingon - ingone lajeng istirahat teng bale pesamon direncangi ingkang dadi garwa, kucing Candramawa ya pun siap pasang kuping glati inpormasi sumbere rusia atas pejahe ingkang gusti Pangeran Jalaksana, lajeng teng riku obrolane Kiageng Pekandangan kang dadi garwa nakokna sedugine semah kang asma Pangeran Jalaksana ana gawe apa, Kiageng Pekandangan ya blak - blakan ngandakna satekane Pangeran Jalaksana karo beberaken isi surat saking Sultan Saefudin Matangaji, kon matine nigas janggane kang gawa surat mau, nanging weruh yen Pangeran Jalaksana sebenere ora salah cuma dadi korban pitnah dadi surat mau kongkon diaterna maring Kiageng Gabus Johar, ya tentu wis dadi urusane Kiageng Gabus Johar, Kiageng Pekandangan lepas tangan saking patie Pangeran Jalaksana. Seujare kucing Candramawa kang lagi dadi telik sandi gegulat sumbereng perkara atas kematiane Pangeran Jalaksana, berarti Kiageng Pekandangan ora salah luwih bagus isun nuju maring tempat panggonane Kiageng Gabus Johar, teng riku kucing Candramawa medal saking panggonane Kiageng Pekandangan kebat cukat nuju maring daerah Gabus Johar.

Kocapa gentos kang winulus mlajenge kucing Candramawa kaya angin pun dugi teng panggonane Kiageng Gabus Johar, teng riku siweg pada pesta pora lantaran angsal hadiah duit sepeti saking Sultan Saefudin Matangaji lantaran saged nigas janggane Pangeran Jalaksana, seujare kucing Candramawa kang wis angsal embus sumbere perkara berarti kang mateni pegustene Pangeran Jalaksana yaniku Kiageng Gabus Johar, lajeng kucing Candramawa mau langsung wangsul teng Solotigo bade matur maring kang dadi pegusten Pangeran Sloto,

Amblas mlajenge kucing Candramawa boten lami dugi teng arsane ingkang gusti Pangeran Sloto, maturaken beja yen kang mateni gusti Pangeran Jalaksana yaniku Kiageng Gabus Johar atas perintah ingkang dadi guru Sultan Saefudin Matangaji ing dalem Cirebon, lantaran dipitnah maring garwa selir Nyi Dewi Cakrawati kang seneng demen maring pegustene Pangeran Jalaksana, karna demen ora den ladeni sing akire difitnah merkosa garwa selir Nyi Dewi Cakrawati, sepandurat merkabak abang romane Pangeran Sloto sesampune nerima laporan saking telik sandie kucing Candramawa, seujare Pangeran Sloto berarti rama guru dewek kang tega piara pati maring kang dadi adi, pedahal adi ingsun wong bener kenang apa ora waspada, najan guru saujare Pangeran Sloto arep coba tek dagdagi pira kandel kulite Sultan Saefudin Matangaji sing ngina praja, utang lara kudu nyaur lara, utang pati ya kudu nyaur pati, nafsu kan ora bisa kebendung sengaja arep ngadu kesakten karo wong Cirebon, gaman pusaka Duhung Silemped den pendet ceg cinandak langsung nuju telatah Cirebon kelawan amarah kang bli ketadah, ngedek watu ambrol watue, nyenggol saka rubuh sakane, bumi oreg gonjang ganjing kaya lindu paribasane kenang tindak lumaku Pangeran Sloto nuju bumi Cirebon.

Kocapa gentos kang winulus wonten teng pedukuan Cimanuk sebelah kulon wonten griya alit gubug welit panggonane Kiageng Pandaresan kelawan ingkang putri asmane Dewi Suryawati, pun angsal tigang dinten Dewi Suryawati katone lelamunan, kadang nangis tanpa lantaran gawe nggrentes maring atine Kiageng Pandaresan kang dadi wongtua mangka anak semata wayang ibune wis ninggal dunya, kang dadi marga lantaran Dewi Suryawati ngimpi ketemu kelawan setunggale satria kang bagus rupa lir kaya satria penengah pandawa Raden Arjuna, sejerong impen yen satria mau janji arep dadi guru laki, karna rasa banget welas asih karo Dewi Suryawati ingkang dadi putrie Kiageng Pandaresan takon apa kang dadi sebab musabab sampe lelamunan awan lan bengi kadang nangis tanpa kawitan, teng riku Dewi Suryawati blak- blakan godong pace wewalean karo ingkang rama, kang dadi marga lantaran ngimpi ketemu karo sinatria bagus rupa kang pun janji arep dadi lakie satria mau kesebut arane tan sanes Pangeran Jalaksana saking solotigo, Dewi Suryawati tekade pati tenimbang bli kelakon karo mustikaneng ngati Pangeran Jalaksana bagen sora mati. Melolong mata walangen Kiageng Pandaresan sekecap bli bisa ngucap masalah impen sampe kepatiwasa. 

Nanging Kiageng Pandaresan wong kang ora kurang bijaksana arep nyumponi apa kang dadi kepengenan ingkang putri tujuane arep ngulati Pangeran Jalaksana dugi ning Solotigo saujare impene Dewi Suryawati, lajeng Kiageng Pandaresan medal saking panggonane nanging kaget ana cahya sinar abyor ning sedure anjang - anjang waluh, Kiageng Pandaresan mareki anjang - anjang waluh mau saya parek sayah welan yen cahya sinar mau senyatane setunggale mestaka kang pisah karo badane, ambune aroma wangi rupane bagus masih nom - noman, seujare Kiageng Pandaresan karo nepak dada goyang kepala kiyen kih wong bener buktie wangi ambune, terus sapa kang wis tega merdaya mateni, Kiageng Pandaresan wis paham yen satria mau dudu wong sembarangan dudu wong samanea turunane wong sakti mandraguna, rembeseng madu, wijile sangatapa, titisan andrawari. Lajeng teng riku mestakane Pangeran Jalaksana dipendet dating Kiageng Pandaresan ditaroh seduwure meja, ketingal maring ingkang putri Dewi Suryawati, langsung nubruk dirawud mestakae Pangeran Jalaksana kelawan jerit tangis kaya grantang surane, endase Pangeran Jalaksana dikekepi ora den uculna karo ditangisi sedina - dina sewengi - wengi, Kiageng Pandaresan ras iwed keder ing panggali ninggali ingkang putri Dewi Suryawati kaya dudu sebaene kenang kepatiwasa demene, toli mestakane sapa sejatine sampe bli gelem ucul, lajeng teng riku Dewi Suryawati sambate bagen mati bebarengan karo Pangeran Jalaksana kang tinggal kantun mestakane, ningali ingkang putri nangis terus - terusan bli meneng - meneng Kiageng Pandaresan rasa bli tegel sesampune uning yen mestaka mau sejatine endase Pangeran Jalaksana, lajeng Kiageng Pandaresan sidakep sinuku tunggal, sidakep tangane sinuku sikili tunggal dadi sewiji anada anedu karo gusti kang kuasa urip lan patie manungsa. 

Kiageng Pandaresan angrapal aji penerawangan arep goleti ning endi anae batang gembunge Pangeran Jalaksana, lajeng teng riku kepanggi ing mata batin Kiageng Pandaresan yen baatang awake Pangeran Jalaksana wis den kubur kaya sipate satoan kelawan diurugi kelaras gedang endase ginati kelapa ning wilayah Gabus Johar, lajeng Kiageng Pandaresan gentos angrapal aji raga sukma medal aluse kanggo ngemet awake Pangeran Jalaksana kang wis den kubur, sesampune awake Pangeran Jalaksana dugi teng arsane Kiageng Pandaresan terus den antrupaken karo endase lajeng Kiageng Pandaresan watek aji Sangkala Putung Sejati kang saged nepungaken kulit kelawan kulit, balung ketemu balung, otot, banyu, getih sedaya samia antrup saking kersae gusti kang maha kuasa penjaluke Kiageng Pandaresan den Kabul, badan kelawan endase Pangeran Jalaksana antrup kaya semula ora nana cacad sama sekali mulus kaya asale, sesampune tepung awak lan endase Pangeran Jalaksana, Kiageng Pandaresan amatek aji maning badan medal sukmane, raga medal nyawane pailaran sukmane Pangeran Jalaksana kang masih gentayangan, teng riku kepanggi kelawan sukmane Kiageng Pandaresan lajeng cinandak kebakta wangsul langsung den lebetaken maring jasade Pangeran Jalaksana, sukmae Kiageng Pandaresan uga mlebet maring gua garbae lantas aji raga sukma den racut, boten lami jempol sikile Pangeran Jalaksana ugat uget urip maning waras waluya jati jati temuning nirmala.

Sesampune Pangeran Jalaksana eling waras waluya jati, atine Dewi Suryawati banget berag bunga langka padane Pangeran Jalaksana langsung den tugrup, rasa kaget wong nembe ketemu langsung rangkul banget kenceng bli gelem ucul, ning batin Pangeran Jalaksana duwe rasa seneng maring Dewi Suryawati ananging tambuh ora weruh lor kidul ketemu eling wis lagi dikekepi bae, lajeng Pangeran Jalaksana tangled apa kang dadi musabab yen deweke ketemu ana ning pondok iki, sedanten kawedarake maring Kiageng Pandaresan, lantas Kiageng Pandaresan uga takon sejati sapa asal sing endi lan kenangapa sampe pisah adoh antara badan lan endase kang tuniba maring anjang - anjang waluh, Pangeran Jalaksana bedaraken sing awal cerita bisane pisah badan kelawan mestaka, kepitnah maring garwa selir ingkang guru dalem Cirebon Sultan Saefudin Matangaji, sesampune kang dadi bab musabab wis kawedaraken Kiageng Pandaresan dengdeng gedang wewalean bisane bela pati angwarasaken Pangeran Jalaksana lantaran kang dadi putri Dewi Suryawati banget seneng, demen kewanti - wanti maring Pangeran Jalaksana, sebalike Pangeran Jalaksana uga demen, akire teng riku wong loro didadekna siji kelawan ijab lan kobul, banget berag bunga atie Dewi Suryawati bisa kesanding jajar pasang karo Pangeran Jalaksana, lajeng teng riku Kiageng Pandaresan nyukani amanat maring Pangeran Jalaksana sepanak putue besuk aja wani dodoki klapa, ngina klapa, ngedek klapa, sebab awakmu waktu dikubur ning Gabus Johar langka endase diganti karo klapa, lan endas kang tuniba seduwure wit anjang - anjang waluh ning pedukuan yen besuk rameh lan dadi desa diarani desa Penganjang, sesampune nrima amanat saking Kiageng Pandaresan lajeng Pangeran Jalaksana matur pamit bade silaturahmi maring ingkang raka kang ana ning Solotigo, karna pun lami boten kepanggi, teng riku keijinan maring kang dadi mersepah Kiageng Pandaresan, langsung Pangeran Jalaksana kelawan ingkang garwa Dewi Suryawati medal saking panggonan ingkang rama nuju maring daerah Solotigo, sekloyonge anak lan mantu jengkar saking panggonan Kiageng Pandaresan rasa boten tega, amatek aji panglimunan ngawas - ngawasi sing kadoan, wenang deleng ora wenang kedeleng, karna Kiageng Pandaresan sejatine weruh yen tujuane Pangeran Jalaksana mau pengen bales dendam maring Sultan Saefudin Matangaji kang ana ning Cirebon.

Gentos kang winulus, kesigeg lampae Pangeran Jalaksana kelawan ingkang garwa Dewi Suryawati sing bade nuntasaken dendam marang Sultan Saefudin Matangaji kang ana ning Cirebon, utang lara nyaur lara utang pati kudu nyaur pati, kewontenane Pangeran Sloto den iringi kelawan amarah napsu kang boten kebendung bade nuntut balas atas kematiane ingkang rayi Pangeran Jalaksana, sumbar - sumbar kemanegan nantang wong Cirebon terutama Sultan Saefudin Matangaji, sedurunge tumeka maring tanah Cirebon keweruan maring Kikuwu Sangkan, lajeng teng riku Kikuwu Sangkan amatek aji robah wujud dadi wong tua, karna sejatine Pangeran Sloto wis weruh lan paham maring Kikuwu Sangkan, aja sampe ngamuk ning Cirebon arep dadi apa lamon ngamuk Cirebon wis pasti tukul glaga alang - alange sebab Pangeran Sloto kagungan pusaka Duhung Silemped pasti laka kang kuat nandingi kesaktian keris mau, ning kono kikuwu Sangkan gawe rekadaya sesampune nemoni Pangeran Sloto kang lagi sesumbar nantang Sultan Saefudin Matangaji, Kikuwu Sangkan pura - pura tujuane pada arep nyerang wong Cirebon, Pangeran Sloto rasa seneng ana bature ora ngrasa kedewekan, lajeng teng riku seujare Kikuwu Sangkan wong arep nyerbu perang kudu luruh waktu tiba maring jayane wong perang supaya ketemu kelawan menang apamaning ning Cirebon gudange wong sakti tempate para wali, tanpa curiga Pangeran Sloto nuruti wejangan wong tua mau, nunggu sukiki dina jaya.

Lantas teng riku Kikuwu Sangkan angrapal Aji Celeng Belek Begananda, wateke wong katrajang ajian mau langsung arip paribawane Pangeran Sloto turu lali ora obah ora usik kaya wong kapidara, sesampune ningali Pangeran Sloto kang wis kesirep ajian mau, Kikuwu Sangkan lajeng angrapal Aji Rogo Sukma medal sukmane Kikuwu Sangkan mlebet maring guwa garbane Pangeran Sloto, seisi jeroane Pangeran Sloto laka kang den tinggal kari ati, pela, usus sedanten dibakta teng laut kidul dikupyak, dikucrek, ususe kan atos kenang napsu den puruti ditokna sampe pada bersih jeroane Pangeran Sloto kang pada atos nang napsu sesampune den kucrek den purut ditokna isine dadie lemes terus dibakta mali dilebetaken maning maring gua garbane Pangeran Sloto, sesampune rampung Aji Celeng Belek Begananda mau den racut, Pangeran Sloto ngilir tangi nanging awake lemes lesu karna napsue wis den pendet maring Kikuwu Sangkan, teng riku Kikuwu Sangkan mesem ningali Pangeran Sloto kang laka daya upaya karo pura - pura nagajak nyerang Cirebon karna waktu jayae wong perang waya mene, teng riku Pangeran Sloto wis lumer napsue, niat perang nantang wong Cirebon dibatalaken, Kikuwu Sangkan masih pura - pura ngotot ngajak nyerang Cirebon nanging Pangeran Sloto tetep nolak sampe diomong blenak wong gagah perkasa dadi dolog, karna dolog uwonge dolog omonge, priben lamon seiki tek ganti aran Pangeran Jaka Dolog seujare Kikuwu Sangkan, seuwise Pangeran Sloto nerima aran mau KiKuwu Sangkan roncod busana robah wujud kang asli, Pangeran Sloto ananapi Pangeran Jaka Dolog langsung sembah sujud maring arsane Kikuwu Sangkan minangka sesepuh para wali ing tanah Cirebon.

Apa sebab Kikuwu Sangkan nyegah lakune Pangeran Sloto atanapi Pangeran Jaka Dolog kang bade nuntasaken dendam marang Sultan Saefudin Matangaji, karna sejatine Kikuwu Sangkan weruh yen ingkang adi Pangeran Jalaksana wis urip waluya jati jati temuning nirmala, mboten dangu antarane wong nginang durung abang wong iduh durung tuniba, ketingal lumampae satria nom - noman kelawan wanoja kang pada baguse pantes yen lumaku bebarengan, senyatane kang dugi mau Pangeran Jalaksana kelawan ingkang istri Nyi Dewi Suryawati amprok kelawan ingkang raka Pangeran Sloto kang wis ganti aran Pangeran Jaka Dolog teng riku rerangkulan bareng nangis, muji sukur maring gusti kang kuasa kang dadi adi masih diparingi urip waras panjang umur, sedaya samia sembah sujud maring Kikuwu Sangkan, sesampune ngupai wejangan terutama aja pada nutugi amarah napsu maring Pangeran Jaka Dolog lan Pangeran Jalaksana, Kikuwu Sangkan ilang sepenjagongan, ilange Kikuwu Sangkan boten dangu dugie Kiageng Pendaresan sing ngawas - ngawasi anak mantue, sedaya samia sembah sujud, lajeng Kiageng Pendaresan ngupai pitutur aja pad nutugi amarah napsu ilang tanpa krana wangsul teng Jepura Cirebon bagian wetan.

Lajeng teng riku Pangeran Sloto atanapi Pangeran Jaka Dolog lan Pangeran Jalaksana uga ingkang garwa wong telu ora balik meng Solotigo, pada milih bebedah ngulon ngalor parane saking tanah Cirebon ngilari tanah kang kosong kelawan akeh tukulan witeng pring, damel gubug sedantene saka seubengi karo wiwitan pring, nenanduran palawija samia subur ora kurang pangan, benjang yen dadi keramean den arani desa Kapringan, tiang tiga mau netep manggon ning desa Kapringan sampe akire ninggal dunya, mulane teng desa Kapringan wonten makome Pangeran Jaka Dolog lan Pangeran Jalaksana, lamon boten sawon Pangeran Jaka Dolog, Pangeran Jalaksana putrane Pangeran Agung atawa Buyut Warsiki, Buyut Warsiki putrane Buyut Maspah, Buyut Maspah putrane Buyut Daya Lautan, Buyut Daya Lautan putrane Buyut Pringgabaya ingkang makome wonten teng Cirebon.

Cekap sementen lampahan Pangeran Jalaksana kirang langkunge nyuwun agung pangapunten atas segala kekurangane. Baca Juga: Cerita Mistis Sumur Tiris

- Mas Tosu -
tosupediacom

tosupedia.com Merupakan media informasi online yang memuat berita meliputi informasi sosial budaya, kesenian daerah, wisata lokal, kuliner serta info menarik lainnya.

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Recent in tosupedia

Satu hal lagi! Kami sekarang ada di Saluran WhatsApp! Ikuti kami di sana agar Anda tidak ketinggalan update apa pun dari tosupediacom - Media Inspirasi Terkini. ‎Untuk mengikuti saluran tosupedia di WhatsApp, klik di sini untuk bergabung sekarang!