Cerita Mistis Sumur Tiris

Pada artikel budaya ini Mas Tosu akan menuliskan tentang cerita sejarah Sumur Tiris, namun ditulis dalam basa dermayu krama, sebagai wujud melestarikan budaya jawa, khususnya basa dermayu alus juga sebagai edukasi bagian sejarah berdirinya Darma Ayu Nagari atau Kabupaten Indramayu. Bahasa Jawa adalah bahasa dengan penutur terbanyak di Indonesia, bahasa ini digunakan oleh suku jawa yang wilayahnya meliputi Jawa Tengah, Yogyakarta dan Jawa Timur. Selain itu bahasa jawa juga digunakan oleh sebagian penduduk di wilayah pesisir Karawang, Subang, Cirebon, Indramayu dan Banten.

cerita-mistis-sumur-tiris
Ilustrasi: Nyi Lobamawati - ratu Penawungan Dalem Dermayu (sketsa: historyofcirebon.id)

Kocapa eka hadi dasa purwa, eka maring sawiji hadi linuwih dasa sepuluh purwa kawitan, ingkang dados bubukaning cinarita, inggih tan sanes teng wilayah Dermayu wonten senunggale raja wanoja ingkang kejuluk Nyi Ratu Lobamawati putrinipun Nyi Ratu Kombaya, nata praja dados nalendra teng wilayah Dermayu sederenge Raden Darma nata praja teng dalem Dermayu inggih Nyi Lobamawati ingkang dados ratu teng Dermayu, sebagai ratu penawungan teng dalem Dermayu.

Pada saat Nyi Ratu Lobamawati dados Ratu ing dalem wilayah Dermayu mawa gara gara surem ing paribawa, tetanduran ora nana kang tukul, wiwitan samia ragas gegodongane, perkutut samia pilar unine, wontene pageblug teng wilayah Dermayu, mawa panas sangar pribawane lawas jamane kekeringan boro maning go adus lan bebasuh go nginung bae ya laka, apamlih toya selebeteng gentong, telaga kali samia garing tumekang mletak bumine, yen tiba udan wis ana sing nadai, udan siji setan siji bumbung siji, kurang udan luwih setan luwih bumbung, pageblug mau luwih sanget rakyate sedaya samia anjerit maratan langit ngaceak maratan jagat jareng basae sesambat aduh lara emong mati, saking sangete pageblug mau dadekna akeh rakyat kang pada mati, lara sore esuk mati lara esuk sore mati gawe pikit trenyuh kang dadi ratu dalem Dermayu sigag tumandang bela maring kang dadi rakyate, Nyi Ratu Lobamawati sigrak manjing teng kamer pemujaan sidakep sinuku tunggal, sidakep tangane sinuku sikile tunggal dadi sewiji ngilangaken babakan limang perkara atawa panca indra kayadene sipat pengambu, pengrasa, peningal, pengrungu lan pangucap sedaya den lebetaken ning angen - angen ngedadian aneda anedu, aneda arane wong jejaluk anedu maring gusti kang maha kuasa, nyuwun di kabul apa kang dadi pepengen, Nyi Ratu Lobamawati kusuk semedie ora obah ora usik tumekang sepurnama lawase ora mangan ora nginung ora turu munajat maring gusti kang murbaning jagat sampe angsal wangsit atanapi pitutur saking kang maha kuasa, rakyat dalem Dermayu bisa waras waluya jati - jati nirmalaning waluya bisa lubar pageblug mau, tamba atawa obate iwal tanah Dermayu kudu den sembur atawa den semprot banyu sumur tiris kang ana ning tanah tiris kang tetengere wiwitan api - api ragas, sumur mau langka kang weruh karna dudu sembarang sumur uga anae seasore wiwitan ketutup dening oyod wiwitan api - api ragas uga sukete sampe sededeg duwure, anane sumur tiris laka kang weruh sebab ketutup ruwede wiwitan uga ora katon ning mata umum, najan cilik sumure nanging lega jerone lir kadia kedung lan dadi tempat panggonane Eyang Gandaruwo naga tiris, banyu sumur tiris kudu den semburna atawa disemprotna saking gegana wiyata atanapi saking duwur langit kadiya udan kang tuniba, malak mandar Dermayu bisa waras waluya jati subur makmur kang den tinandur, sesampune angsal wangsit ana suara tanpa rupa sigeg semedi Nyi Ratu Lobamawati lubar luar medal saking sanggar pamujan.
cerita-mistis-sumur-tiris
Ilustrasi: Sumur Tiris

Sesampune angsal wangsit atanapi pituduh, lajeng Nyi Ratu Lobamawati sigra ngumpulaken para kaula kang ana ing wilayah dalem Dermayu, kaya dene rama pamane Wira Satro kang minangka senopatie wong kombaya atawa Nyi Ratu Lobamawati ratu penawungan dale Dermayu, lan para demang sedaya samia kumpul perlu nyampeaken wangsit kang den terima nalaika Nyi Ratu Lobamawati semedi, lan ngutus ingkang paman kengken pailaran lan mendet toya saking sumur tiris kang wonten setengae alas kelawan tetenger ketutup oyod wiwitan api - api reges kang gede uga suket kang duwure sededeg, toya mau den semprotaken atanapi den semburaken saking gegana wiyata lir kadiya udan kang tuniba, malak mandar rakyat Dermayu saged waras waluya jati subur makmur, sesampune angsal keterangan lan ingkang paman Wira Satro den tugasi ngilari sumur tiris kang saged mengobati rakyat Dermayu, lajeng ingkang paman sigra ngumpulaken sedaya para demang lan tumenggung dalem Dermayu, kelawan bekal pangan lan gegaman secukupe nuju maring tanah tiris kang ana ning setengae alas kelawan ciri - ciri ingkang sampun den terangaken wau.

Kebat pangkate senopati Wira Satro sewadia balane anggoleti sumur kang ana ning setengae alas tanah tiris kang ketutup dening oyod wiwitan api - api reges, gelise cinarita kepanggi, senopati Wira Satro lajeng ngatur sedaya para demang lan tumenggung kongkon babad suket kang duwure sededeg lan uga nebang wiwitan api - api reges supaya rubuh lan katon sumure kelawan alat ingkang den bakta, sedaya para demang lan tumenggung ngeraos kaget nalika wiwitan den tebang kelawan perkul lan wadung nanceb ning wiwitan metu getah warna abang kaya getih atanapi rah manusa, perkul atawa wadung den cabut wiwitan api - api mau rapet maning ora cacad ora gompel mulih asal maning, sedaya samia iwed ing panggalih ora ketemu ning pikir, senopati Wira Satro timbul amarahe water bli olih gawe Dermayu bli nemu tamba, senajan den tebang rame - rame ya percuma wadung perkul nanceb den cabut wiwitane rapet maning, senopati Wira Satro rasa bingung lan keder tepak dada goyang kepala bli ketemu akal uga rasa wis pada pegel pada liren istirahat asoan, lajeng tengriku kepireng wonten suara tanpa rupa lir kadia suara rota denawa anggleger, rota denawa mau kang nunggoni sumur tiris kang aran Gandaruwo Nagatiris, kelawan ngucap maring wong saking Dermayu wiwitan iki bisa rubuh lan kegawa banyu sumure, sarate telung perkara pinangka kanggo tumbale :

  1. Kemben Cinde Gubeg Wulung kagungane Nyi Mas Baduran saking Bedulan, gunane kanggo ngebas suket kang duwure sampe sededeg sing nutupi oyod wiwitan api - api regas.
  2. Pedang Jongkat Utara Kepala Sewu kagungane Ki Kuwu Sangkan Cirebon gunane kanggo nebang wiwitan api api regas karo nyirnakena Gondroruwo kang nunggu sumur tiris.
  3. Jimat Bumbung Bumbas kagungane Kiageng Tepak saking Palimanan gunane kanggo wadah toya saking sumur tiris go den semprotna saking geganawiyata kadia udan kang tuniba.

Malakmandar rakyat Dermayu ketemu waluyajati jati temuning nirmala, sesampune angsal keterangan saking Gandaruwo Nagatiris selaku penunggu sumur tiris, ilange suara senopati Wira Satro lan sebala kancae lajeng ninggalna alas tanah tiris wangsul teng kraton dalem Dermayu ngadep ingkang dadi ratu Nyi Lobamawati.

Kebat lumampae senopati Wira Satro lan sedaya para demang para tumenggung saking alas tanah tiris, kabar asile siweg den tunggu maring ratu Nyi Lobamawati, kaget sependurat yen tekane ingkang paman Wira Satro lan sedaya demang uga tumenggung ora olih gawe, malah jejaluk sarat tumbal kang banget angele, karna sarat tumbal mau dudu kagungane wong samanea, priben cara lan rekadayae supaya bisa amboyong jimat kang telung perkara, dipikir sing sayah kepikir dibahas kelawan mateng iwal jaluk tulung mareng ingkang paman patih Wiragora kang ana ning muara kali Cimanuk, lajeng teng riku Nyi Lobamawati gawe nawala jaluk bantuan maring paman kang ana ning muara kali Cimanuk, senopati Wira Satro lan sedaya para demang tumenggung den utus ngateraken nawala mau.

Kocapa ingakang wonten teng muara kali Cimanuk Patih Wiragora, sedina loro iki siweg ngrasa gerah, banyu muara panas baribawane, jagat ongkob rasane arep ana gara - gara apa seujare Patih Wiragora, siweg mikir arep ana kedadian apa ketingal saking sejerone muara kali Cimanuk wonten golong golonge wadiabala saking Dermayu boten sanes senopati Wira Satro lan sedaya para demang para tumenggung kelawan tujuan nyampekena surat saking ingkang ratu Nyi Lobamawati, sesampune nawala den trima lan den waca maring Patih Wiragora mangkat bareng medal saking sejerone muara kali Cimanuk nuju maring kraton dalem Dermayu.

Sesampune dugi teng keraton Dermayu Pati Wiragora kang den iring marang sedaya pengagung dalem Dermayu lajeng den sambut lan den sambat maring ingkang dadi ratu Nyi Lobamawati, kelawan ambedaraken keperluane kongkon glati pusaka kang 3 werna mau, priben rekadayae dipun pasrahaken maring Pati Wiragora, senajan ning ati nolak karna ngrasa bli mampu, yen den selang tentu mangsa olia, yen den colong resiko asor tanding prajae, apamaning kudu ngadepi Kikuwu Sangkan, ngadepi Kiageng Tepak ya rasa merinding, lamon bli disanggupi briben nasib rakyat dalem Dermayu kena pageblug esuk lara sore mati, sore lara esuk mati, apamaning nyawang alo panakan ingkang dadi ratu dalem Dermayu Nyi Lobama kesawang sedih banyumata rembicakan, karna selaku pimpinan kudu bisa ngayomi nglindungi kang dadi rakyate, ananging pada kenyataane Nyi Lobamawati ora bisa daya upaya, terus arep ngadiraken sapa yen dudu kiyambeke kang minangka dadi sesepuh rakyat dalem Dermayu, lajeng teng riku Pati Wiragora bade melu bela sungkawa dadi bapa maling pusaka kang 3 werna kelawan jalukan yen tekang asil mboyong pusaka - pusaka mau kaulane jaluk digawekan kolek tape sejembangan.

Lajeng Pati Wiragora pamit bade nyolong pusaka - pusaka mau, memang kudue den colong karna bli wani sing arepan, kudue sing gurian ngadang lengere, lampae Pati Wiragora nuju maring daerah Palimanan kira - kira tengah wengi supaya laka kang weruh, Pati Wiragora amatek aji panglimunan supaya aja ana kang weruh dadi bapa maling, sesampune dugi teng kraton Palimanan Pati Wiragora ngerapal aji Celeng Belek Begananda, ajian mau melebet maring gua garbane Kiageng Tepak kang kebeneran lagi turu ketambah lali ora obah ora osik kaya wong kapidara, lantas Pati Wiragora mlebet teng tempat penggulingane Kiageng Tepak mendet pusaka Bumbung Bumbas kang ana ning duwur endase Kiageng Tepak kang siweg kilem, sesampune asil mendet pusaka mau Pati Wiragora lajeng medal saking kamer tempat penggulingane Kiageng Tepak mabur ning awang - awang, nanging Kiageng Tepak dudu wong semanea, wong sakti mandraguna totosan bujana kulit, sederenge kiambeke melebet sare teng tempat penggulingan wis angrapal aji Cangcang Barat, sapa kang ketrajang ajian mau wis pasti kaya kenang oyod mingmang klindang klindeng ora bakal adoh saking tempat mau, najan perasaan Pati Wiragora wis metu sing keraton tapi nyatae masih muter - muter seduwure keraton Palimanan.

Kopaca Kiageng Tepak kang lagi kenang sirep Celeng Belek Begananda silire maruta mandra tegese angina kang alon, lajeng ngelilir lan tangi ngraos kaget ningali pusaka Bumbung Bumbas kang ical saking tempat panggonane, ning ati sapa kang kumawani kumalancang dadi durjana nyolong pusaka mau, Kiageng Tepak medal saking kamer penggulingan, ketingal seinggile kraton Palimanan ana wujude denawa kang ora samar kaya Pati Wiragora saking muara kali Cimanuk sing lagi ketrajang aji Cangcang Barate dadi muter - muter seduwure kraton bae, lajeng den pareki arep den candak karna pasti kuen kang dadi bapa maling, Pati Wiragora ngrasa salah terus mlajeng mabur ning awang - awang, Kiageng Tepak terus ngudag, lengere Kiageng Tepak kang ora waspada pinter rikate Pati Wiragora bebalik Kiageng Tepak den sabet kelawan pusaka Bumbung Bumbas, senjata makan tuan Kiageng Tepak rigel teng siti buntala sampe kapidara, sesampune oli gawe bisa amboyong Bumbung Bumbas, Pati Wiragora lajeng nuju maring desa Bedulan, jalanaken tugas durjana nyolong Kemben Cinde Gubeg Wulung kagungane Nyi Mas Baduran, Kiageng Tepak kang sampun siuman saking kapidarae boten wangsul teng kraton Palimanan, ananging ngidul parane jaluk tulung ning pegustene nuju maring raja Galuh.

Sigeg lumampae Kiageng Tepak kang bade nyuwun bantuan maring Raja Galuh, kocapa sing wonten teng desa Bedulan, inggih tan sanes Nyi Mas Baduran ingkang siweg kumpul ngariung sekeluargane, wonten ingkang mantu Raden Durakman lan Dewi Pulung Aji kang minangka garwane, putrine Nyi Mas Baduran ingkang sedina loro iki lagi putek sedlemek pusing seiring mikire supena, Nyi Mas Baduran ngimpi Kemben Cinde Gubeg Wulung ana kang jaluk lan kudu den nekna bae ora perlu nganakena perlawanan cuma gawe sengsara lan rusak wong kang ana ning desa Bedulan. Lagi pikiran sapa wonge kang bakal jaluk pusaka kagungane Kemben Cinde Gubeg Wulung kaget manahipun Nyi Mas Baduran sedugine rota dewana saking muara kali Cimanuk yaniku Pati Wiragora, tujuane jaluk Kemben Cinde Gubeg Wulung kalawan paksa olih ora olih kudu den ulungaken, ningali ingkang mertua sipat wong wadon kang lagi rebutan Kemben Cinde Gubeg Wulung karo kang dadi durjana, mantu dalem Bedulan Raden Durakman rasa dugal timbul amarah napsue timbul peperangan karo Pati Wiragora, wong loro pada kuate pada digjayane, secara kanuragan Raden Durakman ketingal unggul saged ngalahna Pati Wiragora kedeseh, lajeng ngedalaken pusaka Bumbung Bumbas den sabetaken maring awake Raden Durakman, senalika Raden Durakman kaontal kabur saujare cinarita nepluke ning gunung Indrakila, ningali ingkang mantu Raden Durakman kabur kesabet dening pusaka Bumbung Bumbas atine Nyi Mas Baduran tambah wedi maring Pati Wiragora, Kemben Cinde Gubeg Wulung den rebut maring Pati Wiragora lajeng mlajeng ngumpak ning awang awang, ilange Pati Wiragora saking pandengan matae Nyi Mas Baduran nangis rembisakan karo metu saking tempat panggonan bade laporan uga enjaluk tulung maring pegustene kang ana ning cirebon yaiku rajae para wali Sunan Gunung Jati.

Amblas lumampae Pati Wiragora ngumpak ning awang - awang kalawan ati seneng pun angsal pusaka 2 kantun setunggal malih yaniku Pedang Jongkat Utara Kepala Sewu kagungane Ki Kuwu Sangkan Cirebon, atine tambah wani karna ngrasa wisp indo dadi bapa maling atanapi durjana tentu bakal hasil oli ing panggawe, Pati Wiragora nuju maring Cirebon ngumpak ning awang - awang kalawan amatek aji Panglimunan karo ngawas - ngawasi ngadang selengere Ki Kuwu Sangkan kang pun ketingal siweg lelungan kelawan gawa Pedang Jongkat Utara Kepala Sewu minangka kanggo tetekane, wis anyar ing pinasti dingin kang pinanggi kudune Pati Wiragora olih gawe dadi durjana bapa maling lan rakyat Dermayu bakal nemu tamba kelawan keboyonge jimat kang werna 3 mau, ninggang wancie jam 3an waktune wong nglakoni sholat ashar, teng riku ketingal Kikuwu Sangkan lagi sholat ashar ning setengae pepadang Pedang Jongkat Utara Kepala Sewu den tancebna bumi ana ning iringane Kikuwu Sangkan, pedang mau yen kanda turun temurun warisan saking nabi Ibrohim As wis barang pasti kang warisi dudu wong samane sembarang wong tentu wong kang bener akhlak tingkah lakue sampe tumeka ning tanah jawa gegulat wong kang bener - bener ngagungaken asma Allah SWT, sebab yen kanda padang Kikuwu Sangkan atawa Ki Cakra Buana atawa Walang Sungsang atawa Cakra Bumi atawa Somadullah atawa H. Abdullah Iman atawa H. Bayanullah yaniku putrane Prabu Siliwangi patutan kelawan Nyi Subang Kranjang, ananging yen kanda peteng nalika perang jaya tandingan terakir atawa Pandawa Mikrod sejarah gunung angkup Kikuwu Sangkan sejen maning sejarae, Kikuwu Sangkan wong sing takwa maring gusti Allah, takwa maring syarengat, Tarekat, Hakekat lan Ma’ripat sampe kesebut insan kamil mukamil, sebab manungsa urip ning alam dunya iku ana 4 werna:
  1. Insan batil, menusa kang due sipat sirik iri lan dengki ning sepepada
  2. Insan niyah, menusa kang due sipat welas asih rasa rumasa ning sepepada
  3. Insan kamil, menusa kang sempurna due sipat nerima ning kodlo lan kodar, nerima cukup sejeroning kurang ora due sipat sirik iri dengki ning sepepada
  4. Insan mukamil, menusa kang sempurna linuwih,

Sesampune sholat ashar Kikuwu Sangkan lanjut dzikir asma Allah banget kusue sampe ngilangaken babakan limang perkara atawa panca indra kayadene sipat pengambu, pengrasa, peningal, pengrungu lan pangucap sedaya den lebetaken ning angen - angen nyebut asma Allah dzat kang maha kuasa, kesempatan punika den manpaataken Pati Wiragora kang lagi ngadang lengere Kikuwu Sangkan, lajeng mareki dirasa aman Pedang Jongkat Utara Kepala Sewu mae den pendet kebakta maring Pati Wiragora, sesampune pragat dzikir Kikuwu Sangkan kaget ilange Pedang Jongkat Utara Kepala Sewu kang den tancebna ning iringane, Kikuwu Sangkan tepak dada goyang kepala sapa kang dadi bapa malinge lajeng anrapal aji Penerawangan, senajan Pati Wiragora matek aji Penglimunan nanging ketingal Kikuwu Sangkan sinten kang nyolong pedang mau, ora samara ora pangling Pati Wiragora saking muara kali Cimanuk, seujare Kikuwu Sangkan wong Dermayu kurang bener, besuk tumekang anak putu wong Dermayu sebagian doyan nyolong doyan nipu ning harta kayane wong sejen, sebagian ana kang nglakoni gawe bener, Kikuwu Sangkan bli mikiri ilange Pedang Jongkat Utara Kepala Sewu dudu bae wedi atawa bli bisa ngrebut nanging wirang yen geger perang, maklum Kikuwu Sangkan iku bibiteng para wali asli asal tanah jawa suku sunda putrane Raden Pamanarasa atawa Prabu Siliwangi, Prabu Siliwangi putrane Eyang Jaka Suruh, Eyang Jaka Suruh putrane Eyang Munding Wangi atawa Eyang Munding Sari atawa Eyang Prabu Lelea atawa Eyang Kawis Rengga atawa Eyang Panji Asmara Bangun atawa Ande - ande Lumut, lajeng Kikuwu Sangkan nuju teng kraton Cirebon bade lapor keilangan Pedang Jongkat Utara Kepala Sewu maring ratuneng wali.

Gentos kang winulus kocapa lampae bopomaling Pati Wiragora kang lagi seneng oli gawe kelawan anggawa pusaka kang 3 werna pun dugi teng dalem kraton Dermayu seba matur asil maring kang dadi ratu Nyi Lobamawati, sedaya para demang para tumenggung kang samia kumpul nunggu setekane Pati Wiragora kang lagi pailaran pusaka kang den jaluk kanggo sarat atawa tumbal sumur tiris sedaya samia seneng berag bunga merwatasuta, apamaning Nyi Ratu Lobamawati berag bungae kewanti - wanti karna sedaya rakyat lan wilayah Dermayu bakal lepas saking pageblug uga bakal subur kang den tinandur sewise den sembur den semprot karo banyu saking sumur tiris, lajeng teng riku janji Nyi Ratu Lobamawati uga den tepati, yen ingkang paman Pati Wiragora olih gawe asil dadi bapamalang pusaka kang werna 3 mau bakal dipai hadiah kolek tape sejembangan pun disediaken, kalesan denawa apamaning tas pegel jalana tugas kolek tape sejembangan entok kabeh mung telung uyupan.

Sesampune dahar kolek tape sejembangan Pati Wiragora den tugasi malih kon nuju tanah tiris kang ananing setengahe alas, kon glati sumur tiris kelawan gawa pusaka kang 3 macem go sarate, cirine sumur mau pun dicertakena ora katon mata ketutup suket suket glaga alang - alang sededeg lan ketutup ning oyode wiwitan api - api reges, sesampune angsal ketengan kewontenan sumur tiris, kebat cukat lampahe Pati Wiragora glati sumur mau nuju maring alas tiris, lajeng kepanggi tepat sesuai kelawan tanda - tandae wiwitan api - api reges kang paling gede, kesawang suker deder tukul glaga alang - alang sededeg duwure, Pati Wiragora mendet Kemben Cinde Gubeg Wulung kagungane Nyi Mas Baduran, kemben den kibasna ilang wujud suket glaga alang - alang mau ketingal wujud oyod wiwitan api - api reges, Pati Wiragora lajeng anglolos Pedang Jongkat Utara Kepala Sewu, sederenge pedang den tebasna, wiwitan api - api reges mau mlesat tiba ning wilayah Karang Ampel yaiku ning alas Ujung Tua, besuk dadi pepunden kanggo jugjugane wong sing atine nekad dadi wong Ujung Tua, ilange wujud wiwitan api - api reges ketingal sumur bening banyue, lajeng Pati Wiragora mendet pusaka Bumbung Bumbas den celubna ning sumur, banyu sesumur sedanten mlebet sejeroneng bumbung setetes ora ketinggal kari sampe sumur garing mletak lemae, pedahal Bumbung Bumbas wujude cilik lan laka wukue nanging banyu sesumur saged mlebet sedanten uga ora bocor, lajeng Pati Wiragora wangsul teng Dermayu kelawan oli gawe bakta toya saking sumur tiris kang kesimpen sejeroneng Bumbung Bumbas ngumpak ning awang awang kelawan nyemprotna toya mau saking gegana wiyata lir kadia udan barat kang tuniba, tanah atanapi tanduran sesampuni kesemprot toya saking sumur tiris mau sing maune alum dadak sekali seger, rakyat dermayu kang pada sakit dadak sekala pada waras waluya jati - jati temu ing nirwana, Dermayu subur makmur maning gemah ripah loh jinawi, sedanten samia seneng berag bunga ora rakyate ora pimpinane sedaya merwata suta. sesampune Dermayu nemu tamba lepas saking pageblug, maklum sarana atanapi sarat tumbale angsal maling sedaya para Demang para tumenggung uga kabeh rakyat dalem Dermayu dikongkon siap siaga jaga keamanan bokat ana tuntunan saking kang due pusaka - pusaka mau kados dene, Nyi Mas Baduran saking Bedulan lan Ki Kuwu Sangkan Cirebon uga Kiageng Tepak saking Palimanan, Dermayu dijaga ketat dipimpin maring Pati Wiragora, Pati Wira Satro lan uga Nyi Kombaya.

Kocapa gentos kang winulus tiang agung teng kesepuan ratuneng wali Syarif Hidayatullah atawa Sunan Jati Wenang ingkang linggih teng korsi gading sitinggil ginaturata, Syarif Hidayahtullah putra raja saking Mesir patutan kalian putrid saking tanah jawi Nyi Ratu Rara Santang atawa Nyi Saripah Mudaim putrine Prabu Siliwangi raja Pajajaran, patutan kelawan Nyi Subang Kranjang putine Ki Jumanti Jati atawa Syekh Bandar Muara Jati Cirebon, nalika jaman Prabu Siliwangi Ki Jumanti Jati keceluk raja cilik kang aran Raja Singa Pura sebelah lor Cirebon kang seiki kocape Merta Singa, gadah putrid senunggal yaniku Nyi Subang Kranjang atawa Nyi Subang Larang kang den pesantrenaken ning pondok Kuro Pulo Bata Kerawang teng Syekh Hasanudin ataw Syekh Kuro atawa Syekh Ngara. Ratuneng wali Syekh Syarif Hidayahtullah kang ana ning kesepuan kraton Pakung Wati didampingi kelawan Syekh Sahid Sunan Kalijaga uga para pinangeran lan sedaya para Kiageng para Kigeden sedaya samia kumpul rekep silae amangklung janggane mirengaken pangandikane ratuneng wali, kocapa wonten uluk salam sedugine Kikuwu Sangkan sedaya samia sembah sujud, Kikuwu Sangkan lapor maring ratuneng wali minangka alo keponakan uga mantu dalem kraton Pakung Wati yen tas keilangan bedama pusaka Pedang Jongkat Utara Kepala Sewu lan Pati Wiragora saking ujung muara kali Cimanuk minangka bopo malinge, ratuneng wali Syekh Syarif Hidayahtullah pasrah maring Sunan Kalijaga priben carane supaya Pedang Jongkat Utara Kepala Sewu mau saged keboyong malih, lajeng Sunan Kalijaga ngutus Kiageng Bungko atawa Syeh Benting lan sedanten para Kigeden uga para Pinangeran kabeh kelawan secandak secekele perkakas perang keris tumbak den bakta nuju maring panggonane Pati Wiragora.

Pasukan Dermayu kang den pimpin maring pati Wira Satro pun siap siaga siang dalu pada jaga keamanan ning lokasi perbatesan kelawan Cirebon, ningali golong - golonge para Kiageng para Kigeden lan para pinangeran saking Cirebon langsung den bendrong lan den bandring tanpa kompromi, teng riku pasukan Dermayu kang maju tatu dada kang mundur tatu gigir bli kuat ngadepi serangane wong Cirebon, boten dangu Pati Wiragora lan Nyi Ratu Kombaya dugi dateng kalangan peperangan, pasukan saking Cirebon kang den pimpin maring Kigeden Bungko atawa Syekh Benting sedaya keplajeng boten kiyat kenang pusaka Bumbung Bumbas kagungane Kiageng Tepak Palimanan, Kigeden Bungko wangsul teng Cirebon lapor maring Sunan Kalijaga yen sedaya pasukan kang den pimpin samia keplajeng kenang Pati Wiragora, malahan pasukan dermayu balik serang pun mlebet teng wilayah Cirebon, asore pasukan Cirebon kang dipimpin Kigeden Bungko gawe keder ing manae Sunan Kalijaga selaku wong kepercayaan Ratuneng wali , lajeng Sunan Kalijaga dugi teng Karang Kendal jogot jagone wali Pangeran Soka atawa Raden Syam atawa Pangeran Magelung Sakti kelawan ingkang garwa Nyi Ratu Dewi Patimah atawa Nyi Mas Gandasari putri asal saking Pasai Aceh, majue Pangeran Magelung Sakti kelawan Nyi Mas Gandasari uga boten kiyat nandingi perang yuda kelawan pasukan saking Dermayu kang dipimpin maring Pati Wiragora uga Ratu Kombaya, sedaya sami kondur bli kuat nang kagungane Kiageng Tepak yaiku pusaka Bumbung Bumbas uga Pedang Jongkat Utara Kepala Sewu kagungane Kikuwu Sangkan, lajeng Sunan Kalijaga ngajuaken Pangeran Puger saking Ciwaringin babakan Cirebon uga sami boten kiyat kangge ngadepi Pati Wiragora Cirebon dikepung wakul buaya mangap maring pasukan Dermayu kang lagi merajalela,

Sunan Jati Purba Wenang atawa Syekh Syarif Hidayatullah wenang lara ora wenang mati, wenang robah ora wenang den robah, lagi iwed ing panggalih ninggali Cirebon kang porak poranda kenang ulah wong Dermayu, pengen jaluk tulung ning rama uwa Kikuwu Sangkan, ananging Kikuwu Sangkan ora den werui ngendi anae, ditingal kelawan ali - ali marembat putih ya bli katon, kelawan aji penerawangan ya bli kedeleng, bumi lebar den sempitna didadosna Bumi Sugandu tetep bli kepanggi, kranten sedanten para pinangeran para demang uga para jagone wali wis laka sing kuat nandingi kedigjayaane Pati Wiragora lantaran ngagem bedama kang werna 3, Bumbung Bumbas, Kemben Cinde Gubeg Wulung uga Pedang Jongkat Utara Kepala Sewu, terpaksa ratuneng wali Sunan Jati Purba sinambat maring kang kuasa, astane ngusek - usek mestakane atawa Keprabon Karomah atawa Kramat Kamulyaane wali, medale satria sekawan

1. Raden Pakta 2. Raden Raden Kun Payakun 3. Arokman 4. Raden Arokim

Mulane sapa menusae sing munjuli atawa ngunggai pustakae Sunan Jati Purba pasti bakal tiba lan lumpuh kaya kesabet aji Kuku Bayu, apamaning den sengaja manuk mabur uga baka pas duwur mestakane Sunan Jati Purba bakal nepluk karna kedodokan satria kang 4 mau, sesampune satria kang 4 mau medal saking pusatake Sunan Jati Purba lajeng sedanten samia sembah sinujud lan naati apa kang bakal den printah maring pegustene, satria 4 mau dijaluki tulung kongkon ngandeg lakue Pati Wiragora kang lagi sumbar - sumbar kewanian karna dirie ngrasa laka kang bisa ngayoni, sedaya samia keplayu, lajeng teng riku Sunan Jati Purba kep sidakep sinuku tunggal, sidakep tangane sinuku sikile tunggal dadi sewiji ngilangaken babakan limang perkara atawa panca indra kayadene sipat pengambu, pengrasa, peningal, pengrungu lan pangucap sedaya den lebetaken ning angen - angen ngedadian aneda anedu, aneda arane wong jejaluk anedu maring gusti kang maha kuasa, nyuwun dilindungi anak putu Cirebon sing meneng lan sing mlayu jaluk pinaringan waras waluya jati - jati temuning nirmala, lan niate Pati Wiragora ana niat ora teka ana teka ora niat nganiaya anak putu Cirebon, penyuwunane Sunan Jati Purba den Kabul maring kang maha kuasa dzat kang welas asih, sedaya pasukan perang saking Dermayu kang dipimpin maring Pati Wiragora lan Ratu Kombaya sing lagi ngepung kraton Pakung Wati, sedanten samia kumpul teng alun - alun Pakung Wati, sedaya samia ayem tentrem kaya wong ora napsu perang, pada dodok pada guyon dianggepe wis laka musuh, mader cuma siji maning yaiku Kikuwu Sangkan gawis tua kari balunge bae laka tenagae, Cirebon bakal den rebut dadi taklukan Dermayu.

Gantos kang winulus kocapa Kikuwu Sangkan kang lagi umpetan ning pepadang kelawan kemulan aji Penglimunan, wenang andeleng ora wenang kadeleng, sejatine Kikuwu Sangkan ora adoh cuma ora bisa kedeleng ning sapa bae, lagi patigeni ora mangan ora nginum lan ora turu wis lawas jamane tapa ana ning sesore watu tameng, kelawan tafakur awan lan bengi sampe bumi tameng watu mau adak - adak mletak sigar dados kalih lan medal satria perjaka kalih 1. santri Kamil 2. santri Mukamil, medal kaget watu tameng kang dadi panggonane pecah sigar dados kali, senajan katone masih bocahan santri Kamil lan santi Mukamil mau sejatine tua lunggue, santri Kamil lan santi Mukamil takon maring Kikuwu Sangkan apa kang den jaluk sampe tapa bisa gawe mletak watu tameng sigar dadi loro sing dadi panggonane, Kikuwu Sangkan jaluk tulung kranten keilangan kagungane Pedang Jongkat Utara Kepala Sewu kang lagi go merangi anak putue dewek ulah Pati wiragora saking Demayu, santri Kamil lan santi Mukamil siap ngebantu nyelametaken anak putu Cirebon kelawan angrebut Pedang Jongkat Utara Kepala Sewu kelawan sewijine sarat yen tiba jum’ah kliwon ora kena keliwat kudu mermuli ning watu tameng kang minangka dadi tempat panggonane santri Kamil lan santi Mukamil karna kuen kang dadi pangane, Kikuwu Sangkan nyanggupi sarat mau jagat madam sekawan bumi langit melu nyakseni.

Sesampune Kikuwu Sangkan nyanggupi sarat kang den jaluk, santri Kamil lan santi Mukamil sigra mangso yen sigra gelis mangso maju tumeka ngadep perang karo Patih Wiragora, santri Kamil lan santi Mukamil dianggep enteng ning Patih Wiragora, karna masih bocahan senajan sing wis keceluk muluk jagone wali kaya Kigede Bungko, Pangeran Puger, Pangeran Magelung Sakti, Nyi Mas Gandasari, sampe Sunan Kalijaga ga laka sing kuat, majune para wadiabala perang saking Dermayu laka sing kuat nandingi santri kamil dewekan, sedaya wadiabala Dermayu sing maju tatu dada sing mundur tatu gigir, Patih Wiragora tepak dada goyang kepala ningali pasukan Dermayu bubar ketawuran luruh slamet dewek - dewekan, lajeng Patih Wiragora timbul amarahe lolos Kemben Cinde Gubeg Wulung kagungane Nyi Mas Baduran den sabetaken ning santri Kamil ora papa, malah Kemben Cinde Gubeg Wulung saged den rebut maring santri Kamil, lajeng Patih Wiragora wedalaken Bungbung Bumbas kagungane Kiageng Tepak den sabetaken maring santri Kamil, santri Kamil ora papa malah Bungbung Bumbas saged kerebut malih teng santri Kamil, Patih Wiragora tepak dada goyang kepala bli disangka najan sipat bocah due kanuragan lan kesakten sing linuwih, Patih Wiragora masih sumbar - sumbar kewanian karma masih due pusaka sing diandelaken yaniku Pedang Jongkat Utara Kepala Sewu kagungane Kikuwu Sangkan, Patih Wiragora lolos Pedang Jongkat Utara Kepala Sewu, insan Kamil mundur karna ngrasa lan weruh dudu tandingane, lajeng kang maju perang ngadepi Patih Wiragora yaniku insan Mukamil dedeg pengadeg pada nanging luwih sakti ketimbang insan Kamil, teng riku perang tanding pilih bobot pilih tanding laka kang andap laka kang asor, Pedang Jongkat Utara Kepala Sewu den tusukna maring gembunge insan Mukamil ora papa, kaget sepandurat Patih Wiragora Pedang Jongkat Utara Kepala Sewu malah kerebut marang insan Mukamil apamaning bade den sabataken maring awake, senalika Patih Wiragora mlajeng kepontal pantil luruh slamet, bagen sora kesingkel daripada kecekel mulih meng muara kali Cimanuk, senajan wong Dermayu pada keplayu kalah perange karo wong Cirebon ananging Dermayu saiki wis subur makmur ora kurang sandang lan pangan gemah ripah loh jinawi lepas saking pageblug lantaran pun den sarati kelawan toya saking Sumur Tiris.

Sesampune wong Dermayu tinggal glanggang colong playu ninggalaken papan perang kalah tanding yuda, santri Kamil lan santri Mukamil uga saged ngrebut pusaka kang werna 3, Kemben Cinde Gubeg Wulung Bungbung Bumbas Pedang Jongkat Utara Kepala Sewu lajeng nuju teng tempat panggonane yaiku watu temeng, Kikuwu Sangkan kang lagi nunggu setekane santri Kamil lan santri Mukamil, pusaka - pusaka mau lajeng dipun pasrahna dateng Kikuwu Sangkan kelawan catatan kudu mermuli watu tameng tiap jum’ah kliwon aja sampe keliwat, santri Kamil lan santri Mukamil lajeng mlebet malih teng watu tameng panggonane, Kikuwu Sangkan wangsul nuju kraton Pakung Wati.

Gentos kang winulus teng kraton Pakung Wati Syekh Syarif Hidayatullah linggih seinggile korsi gading gilang kencana kelawan wonten setunggale tamu saking desa Bedulan yaniku Nyi Mas Baduran kang siweg jaluk tulung matur tiwas keilangan agem - ageme yaniku Kemben Cinde Gubeg Wulung kang den jaluk paksa Patih Wiragora saking muara kali Cimanuk, boten lami wonten uluk salam dugine Kikuwu Sangkan bibiteng wali kelawan ambakta pusaka werna 3, sesampune den hormati lan cinarita kang den alami, Kemben Cinde Gubeg Wulung den pasrahaken maring kang hak yaiku Nyi Mas Baduran, Bungbung Bumbas besuk den pasrahaken maring Kiageng Tepak yen wis lumebu mlebet agama islam, sedaya samia kondur Cirebon mulih harja aman tentrem malih rakyate, subur kang tinandur ora kurang sandang pangan.

- Mas Tosu -
Mas Tosu

"Productivity addict. Geek by nature". Editor in Chief di TOSUTEKNO dan TOSUPEDIA. Pengguna Android dan iOS. Ikuti saya di Instagram: mastosu

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Recent in tosupedia

Sponsored