Babad Dermayu: Raden Wiralodra

Pada artikel kali ini tosupedia akan menuliskan tentang cerita sejarah Raden Wiralodra, namun ditulis dalam basa dermayu krama, sebagai wujud melestarikan budaya jawa, khususnya basa dermayu alus juga sebagai edukasi sejarah berdirinya Darma Ayu Nagari atau Kabupaten Indramayu. Bahasa Jawa adalah bahasa dengan penutur terbanyak di Indonesia, bahasa ini digunakan oleh suku jawa yang wilayahnya meliputi Jawa Tengah, Yogyakarta dan Jawa Timur. Selain itu bahasa jawa juga digunakan oleh sebagian penduduk di wilayah pesisir Karawang, Subang, Cirebon, Indramayu dan Banten.

babad-dermayu-raden-wiralodra
Sketsa wajah Kiai Ngabehi Wiralodra, Adipati atau Bupati-Utama Kabupaten Indramayu yang masyarakat setempat lebih mengenalnya dengan sebutan Raden Bagus Arya Wiralodra. (istimewa/peneliti)

Sejarah Raden Wiralodra 

Kocapa eka hadi dasa purwa, eka maring sawiji hadi linuwih dasa sepuluh purwa kawitan, ingkang dados bubukaning cinarita yaniku lampahan Raden Wiralodra atawa babad tanah Dermayu, sederenge nyuwun agung pangapunten bilih wonten kesawonan atanapi kekurangan.

Bubukaning cinarita ana ning daerah Bagelen wilayah Semarang Jawa Tengah wonten salah setunggale senopati kerajaan Mataram yaniku senopati Magkuyuda Raden Gagak Kumitir putrane Raden Gagak Pernala, Raden Gagak Pernala putrane Eyang Gagak Lowana kang ana ning Jawa Timur, Raden Gagak Kumitir saat niku siweg kepitnah dituduh berbuat serong kelawan garwa selir raja Mataram, ingkang akire den usir saking keraton Mataram kelawan garwa selir kang siweg mbobot atawa ngandung dipun bakta ning Raden Gagak Kumitir akire manggon teng daerah Bagelen, gelise kanda garwa selir kang siweg mbobot atawa meteng mau nuju ing waktu niti ing mangsa babar luar ambabaraken jabang bayi jaler bagus rupane, bayi mau den urusi siang dalu kelawan banyu susu lenggang nadia tegese banyu kauripan den adusi kelawan banyu gege supaya gelis gede, jabang bayi mau durung disukani aran sampe ngumpak gede wis waktune sunat, Raden Gagak Kumitir uga ingkang ibune ora wani ngupai aran marang bocah iku, lantaran sing due hak ngupai aran yakudu bapane kang ayuyuga yaiku raja agung Mataram Sinuhun Cakra Ningrat, kranten dereng disukani nami bocah mau siang dalu takon jaluk didamelaken aran lan takon ramane ingkang saestu, lawaseng dina saking temen tinemen jaluk aran lan takon ingkang rama sampe turun tangis, terpaksa bocah mau den bakta teng kraton Mataram keiring jeng ibu lan Raden Gagak Kumitir mantan senopati kerajaan Mataram.

Kocapa gentos kang winulus teng kraton Mataram, linggihe ingkang dados raja Mataram yaniku Sinuhun Cakra Ningrat kesinanding sang Patih, para Demang uga para Kiageng sedaya samia rekep silahe amangklung janggane sembah sujud maring pimpinan, sedanten samia kaget sedugine manten senopati Mataram Raden Gagak Kumitir ambakta bocah lanang kang den pasrahaken maring arsane raja agung Sinuhun Cakra Ningrat, kelawan jaluk disukani asma lan diaku anak ning raja agung Mataram, Sinuhun Cakra Ningrat ning ati lan ucapane nolak anggone ngakui bocah mau dadi anake kelawan alesane den jelasna, Raden Gagak Kumitir ning batin nangis ngajerit maratan langit ngoceak maratan jagat, karna iklas niat bebantu nulung ingkang garwa selir sing siweg bobot ora ngrasa lan ora wani nyampuri asli yugane Sinuhun Cakra Ningrat kelawan pasrah pati jaluk diaku anak lan disukani aran senajan nyawa tarohane, Raden Gagak Kumitir ora ngaku lan ora ngrasa berbuat serong cuma kepitnah maring wong kang sengaja nyingkirna awake gila jabatan gila kehormatan sing akire Raden Gagak Kumitir keusir saking keraton, mirengaken keterangan Raden Gagak Kumitir kelawan setemene, raja agung Mataram Sinuhun Cakra Ningrat gelem ngupai aran lan ngaku bocah mau dadi anake, asal sarate sibocah kudu bisa ngalahna satoan singa kanga ran Singalodra sing ana ning sejorene krangkeng atawa kandang wesi, krungu ngandika jalukane raja agung Mataram kang bli manjing akal mader sipat bocah masih umbelen nembe wayah sunat pen diadu karo satoan singa, apamaning kon gulet ngalahna singa, dau deleng bae sibocah mau gemeter kamigilan singa mau gede awake jembros brengos, tujuane arep go pakan singa, ananging apa boleh buat karna kuen kang dadi sarate jalukane raja agung Mataram den terima, bocah kang kamigilan deleng sato singa den gegemi pusaka duhung Sigagak kang minangka keris andelane Raden Gagak Kumitir, sibocah mau matae langsung mendelik awake tegak ora watir ora gimir nyawang sato singa kang gede berewos, sibocah mau den dangdani ning Raden Gagak Kumitir endase dibleber karo lawon warna abang, bentinge lawon warna putih celanae panji ireng, lajeng dikawal teng Raden Gagak Kumitir bade maju perang begalan pati kelawan sato singa ning setange alun - alun Mataram kang di rajeg para prajurit Mataram.

Gancang cinarita bocah mau wis siap perang satoan singa kang gede jembrong brewos den etokna saking krangkeng wesi lajeng nerjang maring awake bocah, bocah mau inggat rikat lirkadia manuk gagak mencelat mabur menduwur, sato singa mau akeh lengere sering ketendang ketlapuk ning bocah, saya suwe rasa pegel singa entok tenagane den tending maring bocah ambrug tiba ning siti buntala sikile kang papat den gejog - gejog sampe tugel endase diangkat didengakna dihajar mestakane sampe pecah sato singa akire perlaya , sorake para prajurit bocah menang singa lodra mati kepireng teng raja Mataram Sinuhun Cakra Ningrat ingkang linggih teng korsi gading sitinggil ginaturata, kesawang mlebete bocah mau kelawan kairing lan kesaksian sedaya para pengagung Mataram lajeng sesuai perjanjian yen bisa ngalahna sato singa lodra bakal diaku anak lan den sukani asma, karma perange bocah mau kaya manuk gagak lan bisa ngalahna sato galak singa lodra lajeng bocah mau diarani Raden Gagak Singalodra, sesampune bocah den aku anak lan disukani aran lajeng dibakta malih wangsul nemui ibune kang ketinggal teng Bagelen.

Sesampune kumpul malih kelawan ingkang ibu, pedukuan Bagelen den pasrahna teng Raden Gagak Singalodra karma masih wilayah kekuasaan Mataram, sedantene pada netep teng bagelen sampe akire Raden Gagak Singalodra menjabat sebagai Tumenggung ning Bagelen uga pun gadah keluarga kelawan due keturunan 5 wadon 2 lanang 3 :

1. Raden Ajeng Yudanegara

2. Raden Ajeng Mangkuyuda

3. Raden Wiralodra

4. Raden Tanujiwa

5. Raden Tanujaya

sedaya samia manut nurut maring ucapane ingkang sepuh, Raden Wiralodra uripe gawe lelakon atawa kelakuan sering nglakoni tapa brata sampe lawas taunan ora mangan ora nginung ora turu ora campur kelawan keluarga pengen weruh ning artine urip, akire Raden Wiralodra angsal wangsit ana suara tanpa rupa kongkon pudar jalani tapa brata nglakoni urip sejerone mati, yen besuk pengen dadi wong mulya kon ngulati bengawan kali Cimanuk ngulon parane, kon bebedah alas Cimanuk sebelah wetan lan gawe pedukuan kanggo besuk tumeka ning anak putue kelawan nenanduran palawija sewernane kanggo pangane, sesampune angsal wirayat Raden Wiralodra mudaraken tapa brata langsung wangsul nemoni ingkang dados rama lan ibune nyuwun pamit lan ijin bade ngulati alas kali Cimanuk lan notor atawa babad alas kali Cimanuk kanggo panggonan besuk anak lan putue, mirengaken niat sae ingkang dadi putra Raden Gagak Singalodra atawa Kigeden Bagelen rasa seneng lan ngijinaken ingkang putra goleti dalan kemulyan.

Raden Wiralodra lajeng medal saking Bagelen ngulon parane manjing metu alas bus tegal bus luwung nanjak gunung temurun jurang nuruti tindake suku kedepe netra ngadal ayam alas separan - paran, lumakune Raden Wiralodra sampe keliwat keliwat teka ning bengawan kali Citarum Karawang kepanggi kelawan kaki tua bangka kang aran Buyut Sidum atawa Raden Gagak Pernala sing sejatine masih eyang yuyute Raden Wiralodra nanging ora weruh. Buyut Sidum sing artine wong tua sing bisa ngademi dadi pengauban anak putu Dermayu, sing seniki dimakomaken teng desa Pangauban kecamatan Lelea, lajeng Raden Wiralodra disukani petunjuk karna Buyut Sidum sumerep yen Raden Wiralodra masih rah deweke sipat yuyut, kon balik maning ngetan parane nyabrang kali Cipunagara mengko ketemu kelawan kidang kencana kang matane inten terus kon niburi lakune kidang kencana sing dadi tengara nuju kali Cimanuk kelawan tanda ilange kidang kencana ning kono ana kali, yakuen kali Cimanuk sesampune angsal pitutur saking eyang yuyute Buyut Sidum, Raden Wiralodra lajeng pamit bade balik maning ngetan parane pailaran kali Cimanuk.

Lampahe Raden Wiralodra ngetan parane manjing metu alas nanjak gunung temurun jurang nyabrang kali Cipunagara lajeng kepanggi kelawan kidang kencana kang matane inten den tiburi lakune sesuai kelawan amanat saking eyang yuyute Buyut Sidum, ana sekaol kidang kencana mau kang besuk bakal dadi jodone Raden Wiralodra yen wis robah wujud dadi wadon ayu ing rupa yen wis tiba ing mangsa niti ing waktu, ilange kidang kencana kang matane inten teng riku wonten setunggale kali kang jurang, Raden Wiralodra mulat kiwe mulat nengen mastiaken kali iku kang diarani kali Cimanuk kelawan bukti ilange kidang kencana, kali Cimanuk masih alas gerotan suket alang - alang sededeg duwure wiwitan gede - gede sangar paribawae lan sungil kesawange, sesampune yakin yen iku kali Cimanuk lajeng Raden Wiralodra lekas notor atawa babad alas sebelah wetan kali Cimanuk sing seniki dadi Pendopo Dermayu, senajan kesawang sangar lan sungil babad alas aman - aman bae laka gangguan apa bae, sedanten para silam silem siluman samia nyisih luruh panggonan anyar dewek - dewek, kranten uning yen Raden Wiralodra dudu wong semanea totosan bujana kulit rembeseng madu wijile sangatapa wong sakti mandraguna ora tedas papak palue pande kikire gurinda, lawase dina ganti wulan ganti taun tumekang windu babad alas kali Cimanuk wis olih amba kelawan den tanduri palawija sewernane sedaya samia tulus ijo rio - rio kang tinandur subur makmur ora kurang pangan sampe akire akeh rakyat umum kang pada meluan notor alas kanggo panggonan lan nenanduran palawija lajeng dados pedukuan lan akire ngangkat salah sewiji kon dadi sesepuh teng pedukuan mau yaniku Ki Tinggil asmae, rakyat sedanten samia akur samia makmur gemah ripah loh jinawi. sesampune dirasa wis berhasil bebedah notor alas kali Cimanuk sampe dados pedukuan, Raden Wiralodra pamit kelawan nitipaken tapak tangan sdanten perkebunan den pasrahna Ki Tinggil kon ngurusi sampe setekane Raden Wiralodra kang pengen anjang sono kelawan ingkang rama lan ibu uga kadange sing ana ning Bagelen, Ki Tinggil ora keberatan lan seneng den percaya, Raden Wiralodra lajeng pamit metu saking pedukuan Dermayu nuju Bagelen.

Ki Tinggil kang den tinggal kari lan ketitipan amanat kon ngraksa lan ngurusi kebonan hasil tapak tangane Raden Wiralodra, kaget sepandurat ningali wonten dugie sipat wanoja sakti mandraguna kang ayu ing rupa yaniku Nyi Ayu Endang Darma, putri gunung Curug Sewu minangka telik sandi utusan Sumedang Larang, Sumedang Larang sanes Sumedang Dalem baka Sumedang Dalem nalika Pangeran Darma kelawan Pangeran Gesan Ulun rebutan Nyi Aris Purbaya garwa anem Penembahan Ratu sang gurune, kedugiane Nyi Ayu Endang Darma karna ngrasa dadi wadon sakti mandraguna kang pilih tanding sengaja arep gawe onar pengen rebut tapak tangan hasil karyane Raden Wiralodra pengen miliki kebonan emong kangelan den rebut paksa, Ki Tinggil kang ngrasa ketitipan amanat wis barang tentu nolak apa kang dadi kepengenane Nyi Ayu Endang Darma sampe kedadian perang tanding ngadu kesakten sedaya rakyat pada melu bebela maring Ki Tinggil, ananging sedanten samia keplayu luruh slamet dewek - dewek ora kuat perang ngadepi Nyi Ayu Endang Darma najan dewekan sampe kebonan palawija kayadene jagung, boled, kembili, uwi lan liyane pada rusak keedek - edek wong perang sedanten samia rusak, mlajenge Ki Tinggil ngetan parane karo anggoleti Raden Wiralodra kang ana ning daerah Bagelen karo matur tiwas, Nyi Ayu Endang Darma atine banget bungae bisa andueni perkebonan hasil tapak tangane Raden Wiralodra kelawan ora ngrasa kangelan maning.

Nyi Ayu Endang Darma lagi seneng - seneng nyawang tetanduran kang wis waktune dipanen ya dijukut den pangan, kocapa kaget kelawan dugine golong - golong wong lanang - lanang akeh kang den itung ana 25 wong, disangka Nyi Ayu Endang Darma wong mau rombongane Ki Tinggil kang sengaja arep bales dendam, tapi senyatane wong - wong mau muride Pangeran Guru saking Palembang kang jumlahe ana 24 gejeg 25 karo ngitung Pangeran Guru kang sengaja arep luruh musuh ngadu kesakten nyoba ilmu karo wong jawa karma keceluk muluk kewentar yen tanah jawa gudange wong sakti mandraguna totosan bujana kulit, Pangeran Guru nyawang Nyi Ayu Endang Darma rasa katresnan ketarik birahi kepentang asmara cinta kelawan ora nganggo kesopanan dianggep wadon bisa, tambah suwe mandeng Nyi Ayu Endang Darma tambah kumecer tambah gemes lirkadia mangan palacute, ngrasa dirie diledek ning Pangeran Guru sing dianggep jorok omongane Nyi Ayu Endang Darma tambah sewot kelawan susumbar wong 25 sapa bae sing bisa nyandak Nyi Ayu Endang Darma kuen sing bakal dadi jodone, lajeng wong 25 mau pada rebutan pengen nyandak Nyi Ayu Endang Darma go dadi garwane lir kadia sayembara, wong 25 mau sedanten laka sing bisa nandingi Nyi Ayu Endang Darma sedanten samia pejah sampe pada pecah endase, sedanten dijejer kaya pindang ora den kubur pada pating gletak kaya sato tikus senajan wadon Nyi Ayu Endang Darma pinangka pendil wesine wong Sumedang Larang atawa Putri Gunung Curug Sewu wis den ukur kedigjayaane mulane den tugasi dadi telik sandi.

Kocapa gentos kang winulus Raden Wiralodra kang sowan teng arsane ingkang jeng rama lan ibu, disambut suka bunga kranten lawas boten kepanggi kelawan separa kadangipun, kaget ningali dugine Ki Tinggil kang matur tiwas yen ana wong kang gawe onar ngrebut paksa tapak tangan Raden Wiralodra sedaya rakyat Cimanuk bubar ketawuran tinggal glanggang colong playu pada luruh slamet ora kuat ngadepi perang kelawan Nyi Ayu Endang Darma, senalika merkabak romane Raden Wiralodra mireng laporane Ki Tinggil jarengbasa ceg cinandak kumambrat ya maduga lara abang raine Raden Wiralodra matane angadu ada napsune kegila - gila, lajeng Raden Wiralodra nyuwun pamit dateng ingkang rama lan ibune bade wangsul malih teng pedukuan kali Cimanuk kelawan kairing dening Ki Tinggil uga para kadang adi Raden Tanujiwa Raden Tanujaya uga ingkang paman Raden Wirajaya, kelawan watek aji Sepi Angin lir kadia kilat lumakune Raden Wiralodra sebala kadang pun dugi teng kali Cimanuk, kaget sepandurat tetanduran samia rusak pada lebur apamaning ningali bangke jejer kaya pindang ting gletak ana sing pecah endase kang jumlahe wong 25, lajeng teng riku bangke para pinangeran wong 25 mau den kubur secara adat lan den arani makam Pangeran 25 sing seniki kesebut teng pujangga, Astana Bojong Dermayu, sandang lawe sinjang ira.

Gancange wong cinarita Raden Wiralodra anggolati Nyi Ayu Endang Darma kang gawe onar ana ning pedukuan kali Cimanuk, kaget sepandurat jarengbasa sekecap bli bisa ngucap nyawang Nyi Ayu Endang Darma kang ayu ing rupa, kulite kuning mulus, raine suruh selembar, matae damar kanginan, rambute andan - andanan lambene simanggis rengat, bodie merang segedeng banget sempurnae lir kadia Dewi Srikandi, ning ati ana rasa katresnan, ning ati eman temen ning ayune pantes lamon dadi garwane nanging isin yen sipat sinatria lumer kenang wong wadon, senajan Nyi Ayu Endang Darma uga ya pada melolong mata munangnang sekecap bli bisa ngucap aningali Raden Wiralodra sinatria kang ganteng gagah pertela, kulite kuning lenjang kasep bodine alim kesawange lir kadia satria penengah pendawa Raden Janaka, ning batin Nyi Ayu Endang Darma rasa kesengsem pantes yen dadi guru lakine nanging rasa isin lan uga inget ning purwadaksina yen deweke dipercaya dadi teliksandi Sumedang Larang, kranten wong loro Raden Wiralodra lan Nyi Ayu Endang Darma pada meneng ora sabar karna wirang dugi saking bagelen bade bebela dateng ingkang raka, akire Raden Tanujiwa lan Raden Tanujaya sumbar - sumbar kemanegan nantang Nyi Ayu Endang Darma lajeng timbul peperangan nanging ora sampe sepembanyon Raden Tanujiwa lan Raden Tanujaya sedaya samia kepondur boten kiyat perang ngadepi Nyi Ayu Endang Darma, sesampune Raden Tanujiwa lan Raden Tanujaya keplajeng saking arena perang lajeng majunipun Raden Wirajaya, wong loro pada saktie pada digjayane, dirgamana toyagamana jarengbasae, ananging Raden Wirajaya wong lanang menang tenaga cuma perange nganggo kejorokan ora nganggo kesopanan baka Nyi Ayu Endang Darma kecekel den dikrep dirangkul den grayang susue dimek bokonge sampe pengen ngambung, teng riku Nyi Ayu Endang Darma atine banget dugal napsu, metu supatae kaya perang dudu karo satria, perang nganggo kejorokan kaya bangsa denawa alas kali Cimanuk, jagat madam sekawan langit bumi nyakseni, nempel supatae Nyi Ayu Endang Darma maring badane Raden Wirajaya ilang wujud baguse menusa timbul wujud rota denawa, sesampune robah wujud dadi rota denawa Raden Wirajaya ngrasa isin blesak ning rupa akire ninggalaken glanggang perang melayu ngalor parane manggon ning ujung muara kali Cimanuk lan gentos asma Wiragora.

Ningali ingkang kadang Raden Tanujiwa lan Raden Tanujaya uga rama paman Raden Wirajaya sedanten keplajeng laka sing kuat nandingi kesaktiane Nyi Ayu Endang Darma, gentos Raden Wiralodra ingkang maju perang ngadepi Nyi Ayu Endang Darma, najan ning ati wong loro pada senenge pada demene ananging kepalang wirang wis dianggep musuh, terpaksa Raden Wiralodra lan Nyi Ayu Endang Darma akire perang tanding, wong loro pada saktie lan digjayane laka kang pilih kacek laka kang andap lan asor pada ngudal pangabisan ngudal kesakten, yen awan perang tutug sedina yen bengi perang tutug sewengi, yen wong loro pada pegele ya pada lirene istirahat ngaso liren bareng, ning batin wong loro pikire pada senenge pada demene nanging kepalang kalah kenang wirang emong pada dianggep kalah, seestune Raden Wira Lodra perang karo Nyi Ayu Endang Darma luwih unggul ibarat emas Raden Wiralodra 24 karat Nyi Ayu Endang Darma 22 karat, aja sampe gawe tatu ning badan Nyi Ayu Endang Darma karna rasa seneng lan demen lamon kecandak arep go garwane, Nyi Ayu Endang Darma ning akire keentokan pangabisan lan ngrasa kasoran nanging wiring yen kecekel dianggep kalah akire mlajeng den ubek bli kecandak lan gebur ning kali Cimanuk dadi buaya putih mlayu ngidul parane mamba jero banyu wangsul teng Gunung Curug Sewu Sumedang Larang, sepeninggal mlajenge Nyi Ayu Endang Darma karma kasoran perange, Raden Wiralodra rasa getun ing manah wong wadon sing disenengi sing didemeni wis ora katonning mata, Raden Wiralodra siang dalu nglamun ning pinggir kali Cimanuk karo ngadang bokat ana setekane Nyi Ayu Endang Darma sampe lawas jamane, karna sing den tunggu laka tekane saya suwe inget ning purwadaksina, yen kedugiane saking Bagelen nuju teng alas kali Cimanuk yaiku senagaja arep notor arep babad alas kanggo besuk panggonan anak lan putu, sesampune eling ilang pikire kang ora - ora lajeng teng riku Raden Wiralodra bebedah notor babad alas malih lan den tanduri sewernae palawija.

Gentos kang winulus, kocapa wonten teng daerah Banten jumenenge Sultan Maulana Hasanudin kalian ingkang putra Raden Maulana Yusuf atawa Raden Sutajaya, sanes Sutajaya Pekandangan putrane Kiandang Garu atawa Kijebug Angrum, Sultan Maulana Hasanudin merintahaken ingkangputra Raden Maulana Yusuf atawa Raden Sutajaya ingkang ngumpak dewasa, sedunge rumah tangga kongkon luruh tapak jasa kanggo besuk panggonane anak lan putu supaya aja keder luruh sandang pangan lan tempat panggonan, teng riku Raden Maulana Yusuf atawa Raden Sutajaya kongkon notor atawa babad alas ning setengae alas antara Banten lan Cirebon, lajengteng riku Raden Maulana Yusuf atawa Raden Sutajaya pamit kelawan ingkang rama Sultan Maulana Hasanudin kelawan wejangan uga amanat aja ilok nglindih atawa rebut ning hasil tapak tangane batur atawa wong liyan, pangkate Raden Maulana Yusuf atawa Raden Sutajaya ngumpak mamba awang awang mulat kiwe lan nengen, pikire keder wong notor atawa babad alas iku perlu waktu kang suwe amaning alas antara Banten lan Cirebon amba bli kira - kira, lajeng teng riku Raden Maulana Yusuf atawa Raden Sutajaya dugi teng daerah kali Cimanuk, kesawang wis padang kelawan tetanduran kang sarwa subur ijo rio - rio, ning ati timbul pengen anduweni lahan mau ngrasa dadi wong sakti sapa wani, ngrebut tentu bli angel ora usah kangelan notor atawa babad alas maning perlu tenaga lan waktu, lajeng Raden Maulana Yusuf atawa Raden Sutajaya mudun saking awang - awang mareki gubug ranggon kang ana ning setengae kebon, kedugiane den sambut dening Raden Wiralodra lan kepireng apa kang den maksud kedugiane saking daerah Banten tujuane bade ngrebut tapak jasae, Raden Wiralodra senalika panas baran urate ngadu ada wong pengen gawe tapak tangan pengene maen rebut, jareng basa riak idue Raden Wiralodra niba ing siti buntala lir kadia kuntung udud metu kukus metu geni saking napsue, maksane Raden Maulana Yusuf atawa Raden Sutajaya timbul perang ngadu kesakten dirgamana toyagamana girigamana jareng basae laka kang andap asor laka kang pilih kacek sedaya samia digjaya lan samia sakti totosan bujana kulit yen perang awan tutug sedina, yen bengi perang tutug sewengi, sampe tanduran palawija akeh kang pada rusak akeh lebur kedek - edek wong perang, ananging kang kuasa ora ngrestui sapa kang tumindak salah kudu seleh, kebeneran ora bisa den kalahna ning kebatilan Raden Maulana Yusuf atawa Raden Sutajaya akire kasoran kentokan pangabisan lan kesaktiane, ngrasa asor anane perang karo Raden Wiralodra, Raden Maulana Yusuf atawa Raden Sutajaya akire mlajeng ngidul separan - paran sampe mlebet teng wilayah Sumedang Larang, kelawan masih anggawa napsu kalah perang karo Raden Wiralodra tekang pasar amuk - amuk wong sepasar pada bubar ketawuran luruh slamet dewek - dewekan.

Kocapa sing wonten teng dalem Sumedang Larang sesampune ketinggal Nyi Ayu Endang Darma sing pun wangsul teng Gunung Curug Sewu, kantun Kiterong Peot lan Kidadung Awuk miring beja yen ana satria ngamuk gawe bubar wong sepasang langsung bertindak tujuane ngamanaken wilayahe, ananging Kiterong Peot lan Kidadung Awuk boten kiyat nandingi kesaktiane Raden Maulana Yusuf atawa Raden Sutajaya kang lagi babi buta gara - gara kalah perang karo Raden Wiralodra den tumplekna ning wong Sumedang Larang kang dadi sasaran, Kiterong Peot lan Kidadung Awuk mlajeng gebur ning kali Cimanuk, sebab kali Cimanuk ujunge ning gunung Papan Dayan kelawan di kintil ning ingon - ingone satoan kirik kang den arani Anjing Jangkung, sing mlayu mamba pinggiran kali Cimanuk masih diudag diuber ning Raden Maulana Yusuf atawa Raden Sutajaya sebab ngalor parane bokat laporan karo Raden Wiralodra keweruan belange pengen ngrebut Sumedang Larang, mlajenge Kiterong Peot lan Kidadung Awuk sampe dugi teng muara kali Cimanuk lajeng gawe getek tujuane arep nyusup ning setengae laut, lan sesampune getek dados den geburna ning laut dipun tumpaki ora kari Anjing Jangkung, dedesar wong sakti kang linuwih nyusupe Kiterong Peot lan Kidadung Awuk seduwure getek ning tengah laut ketingal ning Raden Maulana Yusuf atawa Raden Sutajaya langsung den ubek mabur seduwure laut, Kiterong Peot lan Kidadung Awuk anggebur ning laut minggir manjing kali Cimanuk, ningali Kiterong Peot lan Kidadung Awuk gebur ning laut Raden Maulana Yusuf atawa Raden Sutajaya ngamuke ning Anjing Jangkung kang dadi sasaran diwasuh sampe mati digeburna ning laut, playue batang Anjing Jangkung ngelabuh minggir besuk yen wis keramean dadi desa di arani Labuan kang ana ning lore desa Langgen, mulane patine Anjing Jangkung Sumedang Larang anan ning desa Labuan pinggir laut, yen patie Anjing Jangkung Sumedang Dalem ananing desa Langgen mengko yen wis ning waktu Pengeran Darma atawa Raden Wira Permoda.

Sesampune merwasa Anjing Jangkung sampe perlaya Raden Maulana Yusuf atawa Raden Sutajaya masih gegulat Kiterong Peot lan Kidadung Awuk, sengajae arep den bunuh aja sampe laporan maring Raden Wiralodra watir melu campur tangan gagal ngrebut tanah Sumedang Larang, dingin pinasti anyar kang pinanggi kudue dawa umur mentase Kiterong Peot lan Kidadung Awuk ning alas kali Cimanuk teng riku kepanggi karo Raden Wiralodra lan jaluk tulung lantaran lagi den ubek - ubek Raden Maulana Yusuf atawa Raden Sutajaya sing awit gawe onar ning wilayah Sumedang Larang sampe tumeka ning pedukuan kali Cimanuk, miring laporane Kiterong Peot lan Kidadung Awuk timbul amarae Raden Wiralodra, lajeng pailaran wontene Raden Maulana Yusuf atawa Raden Sutajaya kelawan watek Tlutur Ajirasa atawa aji Penrawangan langsung den udag, ningali dugine Raden Wiralodra, Raden Maulana Yusuf atawa Raden Sutajaya mlajeng wedi kecekel mending kesingkel wangsul teng wilayah Banten jarengbasa sapta kulina jalma, turun pitu ora wani nglawan adu ilmu karo wong wilayah wetan, kranten wedos ning Raden Wiralodra.

Sesampune Raden Maulana Yusuf atawa Raden Sutajaya melajeng, Kiterong Peot lan Kidadung Awuk dikongkon wangsul teng wilayah Sumedang Larang kelawan ngucap matur kesuwun, pedukuan kali Cimanuk lan Sumedang Larang wis aman keadaane, sedaya samia subur kang tinandur waras waluya jati jati temuning nirmala.

- Mas Tosu -

Mas Tosu

"Productivity addict. Geek by nature". Editor in Chief di TOSUTEKNO dan TOSUPEDIA. Pengguna Android dan iOS. Ikuti saya di Instagram: mastosu

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Recent in tosupedia

Satu hal lagi! Kami sekarang ada di Saluran WhatsApp! Ikuti kami di sana agar Anda tidak ketinggalan update apa pun dari tosupediacom - Media Inspirasi Terkini. ‎Untuk mengikuti saluran tosupedia di WhatsApp, klik di sini untuk bergabung sekarang!